ANGIN
Dening
: A. Y. Untung
Jasadmu yekti tan bisa kadulu,
Mokal yen ta kagrayang
Sing cetha kowe pancen ana,
Bukti nyatane
Gegodhongan padha obah
Lebu mabul mumbul ing angkasa.
O, angin . . .
Angin milid sumilir,
Akarya segering raga, ayeming nala,
Angin uga dadi kabutuhaning manungsa,
Kanggo srana urip ing jagad raya,
Mung “ganda maruta” padha disirik,
Disingkiri kanthi nutupi grana.
O, angin . . .
Nanging aja takon yen pinuju kurda,
Wit-wit gedhe padha rungkat
Omah-omah padha rubuh katrajang prahara
Nyebar kasangsaran,
Panen kasusahan,
Kang dumadi angluh ngejurit ati
Kapethik saka :
Aruming Basa AM 3
Tidak ada komentar:
Posting Komentar