Sabtu, 09 Januari 2016

Jinising Ukara



Jinising Ukara

Jinis-jinise ukara iku ana telu, yaiku :
1.    Ukara Kriya
Ukara kriya yaiku ukara kang wasesane migunakake tembung kriya (kata kerja). Tuladha tembung kriya yaiku : nulis, mangan, nyiram, ngomong, maca, mlayu, mlaku, tuku, gawa.
Tuladha :
-      Aku  nulis  layang.
   J      W         L
-      Siti  mangan  sate.
  J        W          L
Nulis lan mangan mujudake tembung kriya tanduk.
-      Ibu  dhahar  roti.
 J         W        L
Dhahar mujudake tembung kriya lingga.
-      Bukuku  digawa  Norman.
J              W            L
Digawa mujudake tembung kriya tanggap pratama purusa.
-      Peleme  wis dakpangan.
    J                 W
Dakpangan mujudake tembung kriya tanggap utama purusa.
2.   Ukara Bawa
Ukara bawa yaiku ukara kang wasesane migunakake tembung kaanan/sipat (kata sifat). Tuladha tembung kaanan yaiku : pinter, loma, sabar, galak, mateng, seneng, apek, bagus, kuning, susah, elek, anyar, ijo, lsp.
Tuladha :
-      Kancaku  pinter banget.
  J                 W
Pinter banget mujudake tembung kaanan.
-      Wartini  iku  loma.
       J                W
Loma mujudake tembung kaanan.
-      Astuti iku  sabar banget.
        J                  W
Sabar banget mujudake tembung kaanan.
-      Ketua kelase  galak.
        J               W
Galak mujudake tembung kaanan.
-      Peleme wis  mateng.
        J               W
Mateng mujudake tembung kaanan.
3.   Ukara Aran
Ukara aran yaiku ukara kang wasesane migunakake tembung aran (kata benda). Tuladha tembung aran yaiku : meja, kursi, sepur, bupet, cikar, polpen, buku, mesin jahit, murid, pilot, kain, sopir.
Tuladha :
-      Bapakku  guru.
      J           W
Tembung guru mujudake tembung aran.
-      Aku  murid  ing SMP Surakarta.
   J       W          K panggonan
Tembung murid mujudake tembung aran.

-      Mas Agil  Pilot.
      J           W
Tembung pilot mujudake tembung aran.
-      Tanggaku  sopir.
       J           W
Tembung sopir mujudake tembung aran.
-      Klambiku  kain.
       J           W
Tembung kain mujudake tembung aran.





Tidak ada komentar:

Posting Komentar