MBAH WALI SABDO KENCANA
Ki
Buyut Masahar yaiku sawijining petani sing nalika menyang kebun mung nandur
jagung lan ketela. Sak durunge dititipke marang Ki Buyut Masahar, R. Bondan Kejawen
dikei bekal bapake wujud telung benda pusaka sing bakal digunaaake kanggo tanda
bukti utawa pengenal nalika dheweke ngadhep marang Pangeran Kerthabumi yen
dheweke wis gedhe. Benda pusaka kuwi
yaiku : keris Kyai Mahesa Nular, keris Kyai Malelo, lan tombak Kyai Plered.
Awit cilik, R. Bondan Kejawen is
diajari dening Ki Buyut Masahar maneka warna Ilmu Hikmah Jawa (kejawen).
Isa dadi yen gelar Bondan Kejawen kui dikei dening Ki Buyut Masahar amarga
Bondan Kejawen nduweni bakat lan keahlian sing luar biasa anggone nguasai Ilmu
Hikmah Jawa ( Bondan = pimpinan, Kejawen = Ilmu Hikmah Jawa = pen).
Sawijining dina kanca-kancane R.
Bondan Kejawen ngajak dheweke mlaku-mlaku. Ora disangka yen dheweke diajak
pesta judi lan mabuk-mabukan. Awale dheweke nolak nanging
akhire dheweke terbujuk hasutan saka kanca-kancane. Amarga mabuk nganti
sempoyongan, dheweke babar blas ora sadar lan sawise tekan omah dheweke
digebugi bapake nganti pingsan. Kanca-kancane pingin ngrusak kepribadiane R.
Bondan Kejawen supaya dheweke katon elek ning matane kabeh wong. Kanca-kancane
uga manfaatke kancanan karo R. Bondan Kejawen supayane kanca-kancne kuwi bisa
jupuk lan nguasai kesaktiane R. Bondan Kejawen.
Sawuse gedhe lan berhasil anggone
nguasai Ilmu Hikmah Jawa, R. Bondan Kejawen ngawula marang Ki Ageng Tarub lan
banjur dheweke dikei nama R. Lembu Peteng. Anggone ngawula marang Ki Ageng
Tarub, saben dina dheweke dikei gawean ngolah lemah tani ing sawah, lan golek
iwak (gogo) ning kali. R. Lembu Peteng akhire dinikahake karo putrine Ki Ageng
Tarub sing namane Dewi Nawangsih.
Sawise nikah, R. Bondan Kejawen
mutusake yen dheweke bakal ngajak Dewi Nawangsih ngadhep bapake, Pangeran
Kerthabumi ing kerajaan Majapahit. Asale Ki Ageng Tarub nglarang R. Bondan
Kejawen lan Dewi Nawangsih. Nanging R. Bondan Kejawen mutusake tetep lunga
menyang Majapahit lan banjur Ki Ageng Tarub ngei ijin. Tekane ing Majapahit
dheweke ndudohake telung benda pusaka kanggo bukti marang Pangeran Kerthabumi.
Akhire Pangeran Kertabumi ngakui yen R. Bondan Kejawen kuwi anake lan banjur R.
Bondan Kejawen dikei hadiah arupa “tanah lungguh” ing Grogol ( asal jenenge
Klampismalang lan saiki dadi Grogol, Karangtengah Demak).
Tanah Grogol wektu kuwi isih wilayah kekuasaan Majapahit. Daerahe iseh arupa rawa-rawa
sing dikebaki wit gebang ( kaya wit kelapa ), sebagian maneh arupa hutan
lan semak-semak sing terkenal angker banget amarga dipanggoni dening kekuatan Istidrat
(gaib) sing disebabake dening makhluk halus kayata : Jin, Setan, Genderuwo,
lsp. Pangeran Kerthabumi wanti-wanti marang R. Bondan Kejawen supaya ikhlas
anggone narima “tanah lungguh” ing Grogol lan tenanan anggone mbangun lan
ngolah tanah dadi daerah pemukiman lan lahan pertanian.
Amarga perintah lan restu bapake, R
Bondan Kejawen lan Dewi Nawangsih pingin menyang ing Grogol. Sak durunge
mangkat, wong loro kuwi ngadhep ibuke ing kadepaten Blambangan kanggo njaluk
ijin lan doa restu. Ning kono wong loro kuwi uga ketemu mase sing njabat dadi
Bupati Blambangan, yaiku Bondan Sakerti utawa R. Bondan Sujanmo ( nama sawise
dadi Bupati Blambangan ).
Nalika R. Bondan Kejawen pamit
menyang Grogol (Demak), Bondan Sakerti mutusake bakal ninggalake jabatane dadi
bupati Blambangan lan luwih seneng ngembara (lelono) karo adike, R. Bondan
Kejawen. Iki sebabe Bondan Sakerti dikenal kanti nama R. Joko Lelono. Tekane R.
Bondan Kejawen, Dewi Nawangsih lan Bondan Sakerti ing desa Grogol sak durunge
R. Patah dikei hadiah arupa “tanah lungguh” ing Telaga Glagahwangi dening
Pangeran Kerthabumi.
R Bondan Kejawen lan Bondan Sakerti
banjur gotong royong mbukak semak-semak lan nggurug rawa-rawa kang bakal didadiake daerah pemukiman lan lahan pertanian. Disamping kuwi kanthi bantuan Bondan
Sakertiuga usaha kanthi keras kanggo menetralisir kekuatan gaib lan gangguan
makhluk halus nganggo Ilmu Hikmah Jawa sing di nduweni R. Bondan Kejawen.
Kanthi keuletan lan kesabarane R. Bondan Kejawen lan Bondan Sakerti, akhire
perjuangane nganaake hasil. Saiki desa Grogol dadi daerah pemukiman kanthi
lahan pertanian sing subur. Sansaya suwe sansaya akeh wong sing teka lan netep
utawa bermukim ing desa Grogol sahingga akhire desa Grogol berkembang dadi
kademangan ing atase kekuasaan kerajaaan Majapahit.
Keberadaane R. Bondan Kejawen lan
mase, R. Bondan Sakerti ing desa Grogol iki ing sak lajenge dina nggawa berkah
lan hikmah kang gedhe kanggo kelancaran penyebaran agama Islam di pulau Jawa
sing di lakoakae dening para tokoh Walisongo periode 1. Penyebaran agama Islam
ing pulau Jawa kaping pisan dilakoake dening Syekh Maulana Jumadil Kubro akhir abad
14 ( ± tahun 1399 ). Sasaran kegiatan dakwah kaping pisan yaiku ing lingkungan
kerajaan Majapahit sing masyarakate penganut kuat ajaran Hindhu – Buddha, yaiku
tepae ing daerah Trowulan, Mojokerto.
Kegiatan dakwah islamiyyah dilakoke
Syekh Maulana Jumadil Kubro akeh halangan utawa rintangan sing dilewati amarga
anane kepercayaan animisme( pemujaan roh-roh nenek moyang ) lan
kepercayaan dinamisme( pemujaan benda-benda yang dianggap keramat )isih
kenta marnai kehidupane masyarakat Jawa ing weektu kuwi.
Marake utawa akehe pemujaan ing
roh-roh nenek moyang lan benda-benda keramat dadiake tekane dukungan kekuatan
gaib, sahingga wektu kuwi ing pulau Jawa dadi angker banget amarga akehe
kekuatan makhluk-makhuk halus. Wong-wong tuwa Jawa biasane nyebut daerah angker
kanthi istilah “ Janmo mara janmo mati, sato mara sato mati,” (manungsa utawa
kewan sing teka ing tempat kuwi bakale mati).
Kanggo netralisir angkere
daerah-daerah ing pulau Jawa amarga pengaruh kekuatan makhlus halus, Syekh
Maulana Jumadil Kubro menyang kerajaaan Ngerum (Turki) kanggo njaluk pitulungan
marang Sultan Mahmud 1, bojone Siti Rakimah sing sabenere putra menantu Syekh
Maulana Jumadil Kubro. Siti Rakimah yaiku putri saka Syekh Maulana Jumadil
Kubro sing lair saka perkawinane karo Siti Fatimah Kamar Rukmi. Siti Rakimah
yaiku anak kandung saka Syekh Maulana Abu Ahmat Ishaq Imamul Pase (ing
Malaka)lan uga mbak kandung saka Syekh Maulana Ibrahim Asmarakondi.
Saka panjaluke Syekh Maulana Jumadil
Kubro kasebut akhire Sultan Mahmud 1 ngaturi tokoh-tokoh ulama saka wilayah
Timur Tengah lan Afrika sing nduweni karoah tinggi kanggo ngewangi perjuangane
Syekh Maulana Jumadil Kubro anggone nyiarake agama Islam ing pulau Jawa.
Tokoh-tokoh ulama kuwi cacahe ana 9 (sanga) sing banjur dijenengke WALISONGO.
Nama-nama saka walisongo periode 1 yaiku:
1.
Syekh Maulana
Jumadil Kubro
2.
Syekh Maulana
Ishaq
3.
Syekh Maulana
Malik Ibrohim
4.
Syekh Maulana
Maghrobiy ( Sunan Geseng )
5.
Syekh Maulana
Malik Isroil
6.
Syekh Maulana
Muhammad Ali Akbar
7.
Syekh Maulana
Hasanuddin
8.
Syekh Maulana
Alayuddin
9.
Syekh Subakir
Rombongan
walisongo periode 1 sing ditunjuk dadi mufti (pimpinan) yaiku Syekh Maulana Malik
Ibrohim ( putra Syekh Jumadil Kubro ). Rombongan menyang saka Turki nuju pulau
Jawa dening Sultan Mahmud 1 ing taun 1404 M kanthi numpak kapal dagang lan
nggawa barang-barang dagangan. Salah sijine rombongan walisongo periode 1
ingkang terpilih yaiku Syekh Subakir. Syekh Subakir yaiku ulama’ waliyullah
saka Persia (Iran). Panjenengane sawijinung hukama ( wong sing ahli ilmu
hikmah ) sing nduweni keahlian supranatural anggone netralisir kekuatan
istidrat saka jin, setan, genderuwo, lsp.
Sawise tekan ing Jawa, banjur
rombongan Walisongo periode 1 nglakoake tugas miturut bidang ilmune
dhewe-dhewe. Syekh Subakir banjur nekani daerah-daerah ndi wae ing pulau Jawa
iki kang angker selanjute daerah kuwi dikei rajah (dunga) kanggo
netralisir kekuatan gaib. Daerah-daerah sing terkenal angker sing nete ditekani
Syekh Subakir yaiku:
1.
Alas Purwo
(dekat Malang, Jawa Timur)
2.
Gunung Srandil
(Cilacap)
3.
Gunung Tidar
(Magelang, Jawa Tengah)
4.
Grogol
(Karangtengah Demak, Jawa Tengah)
Ing
tempat-tempat kasebut Syekh Subakir nandhur rajah kanggo netralisir kekuatan
jahat saka makhluk halus. Tempat sing dienggo dening Syekh Subakir kanggo
nandhu rajah dipercaya masyarakat sekitar yen tempat kasebut makame Syekh
Subakir nanging kuwi dugaan sementara. Amarga sawise tugasee ing Jawa rampung,
panjenengane langsung bali menyan negeri asale Persia, Iran (± taun 1462).
Tekane
Syekh Subakir ing desa Grogol disambut apik dening R. Bondan Kejawen lan Bondan
Sakerti. Apa maneh sawise wong loro kuwi ngerti yen maksud tekane Syekh Subakir
ing pulau Jawa kanggo ngusir lan netralisir kekuatan gaib supaya penyebaran
agama Islam ing pulau Jawa kanthi lancar lan gampang.
R.
Bondan Kejawen lan mase sak durunge nate nglakoake usaha netralisir kekuatan
gaib ing desa Grogol kanthi nggawa Ilmu Hikmah Jawa sing di nduweni. Amarga
alesan kuwi Syekh Subakir seneng ketemu R. Bondan Kejawen sing termasuk
penduduk jawa asli. Pertemuan antarane Syekh Subakir lan R. Bondan Kejawen
banjur dadi kancanan kang raket lan padha tukar pengalaman ngenani Ilmu Hikmahe
dhewe-dhewe. Syekh Subakir angsal pengetahuan Ilmu Hikmah Jawa saka R. Bondan
Kejawen kanggo nlglengkapi ilmu sing dinduweni dheweke lan sak walikke, R.
Bondan Kejawen uga intuk Ilmu Hikmah Arab saka Syekh Subakir.
Ilmu
Hikmah Jawa yaiku Ilmu jawa ingkang angsal saka perenungan marang gejala alam
lan olah rasa marang keadaan diri manungsa. Yen Ilmu Hikmah Arab yaiku ilmu
islam kang sumbere saka pemahaman Al-qur’an lan As-Sunnah. Antarane ilmu-ilmu
kuwi nduweni kecocokan yaiku nunjukakae ayat-ayat (tanda-tannda) kekuasaan Sang
Hyang Widhi (Jawa) utawa Allah SWT (Islam). Akhire R. Bondan Kejawen lan mase mutusake mlebu agama islam tanpa paksaan lan
atas bimbingane Syekh Subakir.
Supaya
pawiyatan dakwah islam bisa lancar, R. Bondan Kejawen ngusulake supaya ilmu Hikmah
Jawa lan Ilmu Hikmah Arab digabungake. Usul kuwi ditampa dening Syekh Subakir.
Amarga padha ngrasaake anane kecocokan. Sabubare musyawarah kuwi kabeh sepakat
kanggo nggabungake ilmu hikmah Jawa lan Arab kanggo nyebarake agam Islam neng
tanah Jawa.
Syekh Maulana Jumadil Kubro lan para Walisongo sarujuk karoidene R. Bondan
KejawenlanSyekhSubakirkanggostrategipenyebaran
agama Islam ingpulauJawa.
SawusekuwiingkalanganWalisongoterkenalananestrategidakwah Islamiyah
kanthiistilah “NGANGGO KLAMBI LORO :Jawanedigawa, Arabedigarap”.
OmaheR.BondanKejawening Grogol dienggomarang para
tokohWalisongoperiode 1 kanggombahaslanmatengakestrategidakwah Islam.
Musyawarahbiasanedilakoakesawusesholatjamaahingnjerone masjid
cilikingkangsederhanakangkhususdibangun R. BondanKejawenningsebelahomahe. Saka
pertemuakuwi, R. BondanKejawenintukakehpengajaranngenaniilmu-ilmu Islam dening
para Walisongo, lansewalike.
Strategidakwah Islam “ NGANGGO KLAMBI LORO :
Jawanedigawa, Arabedigarap” usulansaka R. BondanKejawendiakuidening para Walisongoperiode
1 dadistrategidakwah Islam sing ampuh. Kanthiwektu sing relative
singkatutawacepetmisipenyebaran agama Islam sing
dilakoakeWalisongomarangmasyarakatJawabisakedadenlanberjlankanthidamai,
efektiflanefisien.
Ingkalangan para Walisongoperiode 1 iki, R.
BondanKejawendiakonidadiwongJawaasli sing
nduweniandillangedhejasaneanggonenyuksesakepenyebaran agama Islam ingpulauJawa.
Kabehpangucape R. BondanKejawenmesthidadipasunyatansahinggakabehusulan sing
diajukemesthidiperhatikelandidadiakepertimbangandening para
Walisongoanggonenglakoakedakwah Islam. Amargajasa-jasanelanprestasine R.
BondanKejawenakhireSyekhSubakirlan para anggotaWalisongoperiode 1
musyawarahlansepakatngeigelarutawapenghargaaanmarang R.
BondanKejawenkanthinamagelar :MbahKyaiSabdoKencana.
Nama KyaiSabdoKencananduweniarti
:wongkangucapaneberharga kaya kencana (intanpermata)
amargakabehucapanemesthitepat, benerlandadipasunyatan. (sabdo=dadi).
Amargaalesankuwiorasalah yen ngantisaikimasyarakatdaerah Grogolnyebutkanthinama
“MBAH WALI SABDO KENCANA”
Sumber :
Wawancara
Narasumber
:
·
Bp. Kyai Makhrus (Imam Masjid Grogol)
Ds. Grogol RT 02/02 Karangtengah Demak
·
Bp. Ust. Supriyo bin Sakip, S.Pd ( PengasuhMajlisDzikirTemuroseWalisongoDemak )
Ds. Kauman
VI RT 04/02
Demak
Tidak ada komentar:
Posting Komentar