Geguritan
Abang Putih
Dening :
Muhammad Nursaid
Geguritanku abang putih,
Lair saka rasa tresna . . . kang tanpa utama.
Geguritanku abang putih,
Llair saka laku prihatin . . . ,
Tarak brata, lan nutupi babahan hawa sanga.
Yen gendera gula klapa panggah kekibar!
Kuwi pratandha, tresnaku . . . durung wigar.
Geguritanku abang putih,
Kaya getihku kang tansah mili ing jiwangga,
Geguritanku abang putih,
Kaya pasangan dewi sri lan sadana,
Muga-muga bisa dadi kamardkan, tetep ayu seger.
Geguritanku abang putih,
Lair saka jiwa mardika . . . tresna nusa bangsa.
Geguritanku abang putih,
Sing banget nduwa kolusi,
Kang nuwuhake korupsi lan manipulasi.
Geguritanku abang putih,
Sing banget nduwe congkrah padha bangsa,
Lan intrik-intrik . . . . . , Njuwarehi.
Geguritanku abang putih,
Dudu layang panantang kanggo ambeg sesongaran.
Geguritanku abang putih,
Dadia kidung pepuji . . . ! kang rumeksa . . . , pertiwi!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar