Wektu
Mungkuring wektu
Padha ilining ranu
Tan kena diambali
Satemene manungsa iku
Nemahi
kapitunan kang nyata
Amarga lena
marang wektu
Lan
nglirwakake kwajiban
Nanging dheweke
Kang murca saka kadonyan
Nglampahi gesang
Kanthi nggunakake wektu
Kanggo manembah marang Gusti
Kang murbeing dumadi
Mesthi ora
bakal
Antuk
kapitunan
Kapitunan ing
donya
Lan ing alam
Akherat
Wong-wong kang padha iman
Lan kekandhan supaya tumindhaka
kasaenan
Lan hanetepi kwajiban
Uga ora bakal
Antuk
kapitunan
Amarga
hanetepi kesabaran
Ing
samubarangipun
Tidak ada komentar:
Posting Komentar