Minggu, 10 Januari 2016

WUTAHING LUDIRA



WUTAHING LUDIRA
(Perange Subali lan Sugriwa)

Kacarita ing pertapaan Agrastina ing daerah gunung Sukendra, ana salah sawijining Resi sing jenenge Resi Gotama. Amarga baktine marang para Dewa ing kahyangan, Resi Gotama dianugerahi bidadari kang ayune tumpuk undhuh sing aran Dewi Indradi. Saka perkawinane kuwi nduweni anak telu, Dewi Anjani, Guwarsa lan Guwarsi. Dewi Indradi ngrasa kesepian amarga nduweni garwa Brahmana sing gaweane tapa brata. Sawijining dina:
Dewi Indradi : “ duhh kakang Gotama..sampeyan niku lak mpun sepuh, lah kok isih seneng tapa brata? nelangsane atiku kakang..”
            Amarga kesepian banjur Dewi Indradi kagodha marang Bathara Surya lan padha katresnan. Dewi Indradi nduweni pusaka kadewatan, Cupumanik Astagina saka Bathara Surya. Bathara Surya wanti-wanti supaya pusaka kuwi ora diwehke sapa wae termasuk anak lan garwane. Sawijining dina pusaka diwehke marang anak wadone, Anjani. Nalika Anjani ngemat-ngemat pusaka kuwi konangan dening Guwarsa lan Guwarsi.
Guwarsi                       : “ mbakyu Anjani, apa kuwi? Apa kuwi diwenehi rama?”
Anjani                         : “ ora, koe ora perlu ngerti.”
Guwarsa                      : “ gawa rene, kuwi hakku. Kowe ki cah wadon ora perlu gawa pusaka kaya ngono kuwi.”
Anjani                                     : “ hhussh aja sembarangan ngomong kowe dhimas, iki amanate byung supaya aku njaga pusaka iki lan ora oleh di wehno sapa wae.”
Guwarsa lan Guwarsi  : “ hhalah pokoke pusaka kuwi kudu dadi duwekku mbakyu.”
            Anjani, Guwarsa lan Guwarsi rebutan pusaka Cupumanik Astagina banjur Resi Gotama lan Dewi Indradi teka.
Resi Gotama   : “ Anjani, pusakane sapa kuwi nduk?”
Anjani             : “ niki.. niki pusaka saking byung rama.”
Resi Gotama   : “ Indradi, saka ndi Cupumanik Astagina kuwi? Pusaka kuwi mung Bathara Surya sing nduwe.”
Dewi Indradi  : “ huhuhu.. ngapunten kakang, leres niku saking Bathara Surya.”
Resi Gotama   : “ ooo.. dadi kowe tresna marang Bathara Surya sak suwene iki, hha?.”
Dewi Indradi  : “ sepurane kakang, kula panci lepat..”
            Saking nesune, Dewi Indradi dikutuk dening Resi Gotama dadi watu lan di uncalke ing taman Argasoka cedhak kerajaan Alengka. Nanging Cupumanik Astagina diguwak ing bumi lan pecah dadi telaga Nirmala. Banjur Anjani, Guwarsa lan Guwarsi mudhun ing bumi nututi pusaka kuwi. Ora suwe Guwarsa lan Guwarsi nyemplung ing telaga nggoleki Cupumanik Astagina. Sawuse njedhol, Anjani kaget.
Anjani             : “ ohh, dhimas.. ana apa kok wujudmu bisa dadi wanara dimas? Kok bisa kedadaean kaya ngene dhimas?. ”
Guwarsa          : “ ohh, mbakyu.. apa ta salahku?.”
Anjani             : “ apa amarga padha rebutan cupumanik Astagina mau Dhimas?”
Guwarsi           : “ aku lan Guwarsa kudu piye mbakyu supayane bisa maleh dadi manungsa maneh?.”
Anjani             : “ ayo dhimas dhewe ngadhep rama. Kandha yen kahananae awake dhewe kaya ngene.”
Guwarsi           : “ nanging mbakyu, apa rama gelem nulungi awake dhewe mbakyu? Amarga dhewe wis gawe kucewane rama mbakyu.”
Anjani             : “ dhewe lakyo anake rama dhimas, mesthi rama kersa ngapura apa maneh ngeti kahanane awake dhewe kang dadi wanara.”
Guwarsa          : “ leres mbakyu, ayo menyang pertapane rama njaluk pitulungan amarga aku emoh yen dadi wanara kaya ngene.”
            Amarga kepanasan, Anjani uga raup banyu telaga. Tangan lan raine uga maleh dadi wanara kaya adhi-adhine. Banjur dheweke lan adhi-adhine madhep ramane. Tekane ing pertapane Resi Gotama.
Anjani                                     : “ rama..rama.. niki kula rama Anjani, Guwarsa lan Guwarsi.”
Resi Gotama                           : “ ana apa Anjani, anakku.?”
Anjani                                     : “ kula badhe nyuwun pitulungane panjenengan rama.”
Guwarsa lan Guwarsi              : “ rama, kita pengen dadi manungsa maneh rama.”
Resi Gotama                           : “ kuwi kabeh salahmu anak-anakku. Kuwi akibate yen padha serakah ing donya. Aku ora bisa ngrubah wujudmu dadi manungsa maneh anakku.”
Guwarsa                                  : “ nanging panjenengan niku lak yo Resi ta rama? Apa angele ngubah wujudku, Guwarsi lan mbakyu Anjani kang dadi wanara dadi manungsa maneh rama?”
Resi Gotama                           : “ anakku, kuwi kabeh wis dadi ganjaran saka kelakuanmu dhewe. Nanging mboh wujudmu manungsa utawa wanara, kowe kabeh iseh bisa nglakokake darma.”
Guwarsi                                   : “ nanging apa panjenengan ora isin rama yen nduweni anak awujud wanara?.”
Resi Gotama                           : “ aku luwih isin amarga anak lan garwaku ngapusi aku lan padha seneng marang donyane, anakku..”
Anjani                                     : “ napa boten wonten cara rama, kagem ngubah aku lan dhimas-dhimasku?.”
Resi Gotama                           : “ apa kowe kabeh gelem nglakokake apa sing tak printah, anakku.?”
Anjani, Guwarsa lan Guwarsi : “ nggih, purun rama..”
Resi Gotama                           : “ yowis, saiki padha lungawa nyucike dhiri kanthi tapa brata. yen kowe tapa kanthi tenan lan dadi wong apik anakku, mesthi padha bisa maleh maneh dadi manungsa. Aku mung isa ngandhani lan ora bisa mbantu apa-apa.”
            Anggone tapa brata, Anjani ana ing telaga Madirda. Guwarsa lan Guwarsi  ganti nama kanthi jeneng Subali lan Sugriwa. Tapane ana ing gunung lan alas Sunyapriyangga. Anjani, Subali lan Sugriwa menyang panggonan tapane dhewe-dhewe. miturut dhawuhe ramane, Anjani tapa kanthi slulup kayata kodok (cantoka) ana ing tengahe telaga. Subali nggantung ing dhuwur ing wit kayata lowo (ngalong) lan Sugriwa ngangkat salah siji sikile kayata kidang (ngidang). Nganti tahunan suwene anggone tapa brata Anjani, Subali lan Sugriwa kanggo nebus kabeh dosane. Sawijining dina, Bathara Narada teka.
Bathara Narada           : “ hei Subali lan Sugriwa, apa kowe kabeh padha gelem nulung aku?.”
Subali                          : “  nyuwun tulung napa Bathara?.”
Bathara Narada           : “ aku njaluk tulung supaya kowe kabeh gelem ngewangi aku ngilangke musuh kahyangan amarga aku diutus dening Bathara Guru njaluk pitulunganmu.”
Sugriwa                       : “ sapa musuh sing wani merangi kahyangan Bathara?.”
Bathara Narada           : “ raja Maesasura, raja Goa Kiskenda.”
Subali                          : “ aku bakal merangi raja kuwi Bathara, wani-wanine dheweke merangi kahyangan.”
            Subali lan Sugriwa mangkat menyang ing Goa Kiskenda. Subali pesen yen sing ngalir getih abang ing njabane goa berarti Maesasura mati. Nanging yen getihe putih Sugriwa kudu nutup goa kuwi nganggo watu gedhe amarga sing mati kuwi Subali. Maesasura diewangi dening Lembusura lan Jatasura. Wong kuwi kabeh padha mati nganti ndase pecah. Getih lan otake sing warnane abang lan putih ngalir dadi siji. Kanthi sedhih Sugriwa nutup goa.
Sugriwa                       : “ ohh kakang Subali, sepurane kangmas aku ora bisa ngewangi lan saiki sampeyan mati ndhisik ninggalke aku, saiki aku ora nduwe sapa-sapa kangmas..”
            Sugriwa lapor ing kahyangan. Amarga Subali mati dheweke dihadiahi bidadari ayu sing jenenge Tara putrine saka Bathara Indra. Ing tengah dalan Sugriwa lan Tara diadhang dening Subali.
Subali                          : “ hei Sugriwa, oo dalah kaya ngono kelakuanmu dhimas? kowe sengaja nutup goa supayane aku ora bisa metu lan kowe sing bakal nikah karo Dewi Tara? Aku ora nyangka yen utekmu licik tenan dhimas..”
Sugriwa                       : “ ora kaya ngono kakang, aku ngira yen sampeyan wis mati amarga getih sing ngalir metu goa warnane abang lan putih.”
Subali                          : “ alaahh.. kuwi mung akal-akalanmu tho’ supayane isa nikahi Dewi Tara, bener ta.?”
Sugriwa                       : “ saestu mboten kakang..”
            Amarga ora percaya banjur Subali lan Sugriwa tukaran, banjur Bathara Narada mudhun ing bumi.
Bathara Narada           : “ Subali, apa sing diomongke Sugriwa kuwi bener. Aja ta nukari sedulurmu dhewe. njaluko ngapura marang dhimasmu, Sugriwa.”
            Krungu dhawuhe Bathara Surya, Subali njaluk ngapura marang Sugriwa.
Subali                          : “ sepurane dhimas aku ora percaya marang awakmu.”
Sugriwa                       : “ nggih kangmas kula nggih salah, kula nggih nyuwun pangapunten kangmas. Kula boten wonten niatan licik punapa-punapa kangmas amarga sakmenika  amung panjenengan sedulurku.”
Subali                          : “ yawis-yawis, saiki tahta Kiskenda iki panggonano, dadio raja sing adil lan aku rela yen Dewi Tara dadi garwamu dhimas.”
Sugriwa                       : “ apa ora luwih apik yen awake dhewe mimpin kerajaan bareng-bareng kangmas?.”
Subali                          : “ aku wis mutusake yen aku bakal tetep dadi pertapa ing gunung Sunyapriyangga dhimas.”
            Amarga Subali bisa mateni Maesasura, dheweke dikei anugerah dening Bathara Guru arupa kesaktian yaiku ilmu sing dheweke ora bakal bisa mati kanthi nama Aji Pancasunya.




Widya Ukara (Sintaksis)



Widya Ukara (Sintaksis)

          Widya ukara kalebet peranganing paramasastra ingkang ngrembag babagan ukara, frasa lan klausa. Ukara inggih punika rerangkening tembung ingkang saged ngandharake satunggaling karep ingkang jangkep. Jalaran nerangaken tembung supados dados ukara punika mawi pranatan utawi paugeran ingkang gumathok, tandha-tandhanipun inggih punika :
1.     Saged madeg piyambak.
2.     Dumadi saking satunggal klausa ( jejer satunggal lan wasesanipun  inggih satunggal ).
3.     Wiwitanipun ukara kaserat mawi aksara ageng (murda) lan wasesanipun mawi tandha titik, koma, titik koma, tandha seru saha tandha pitakon.
4.     Mawi intonasi (laguning pakecapan).
Tuladha :
1.     Aku sinau, adhiku malah dolan.
   J     W         J             W
a.     Aku sinau                                : klausa ning inggih ukara
b.     Malah dolan                                      : frasa kriya
c.      Adhiku malah dolan                : klausa ning inggih ukara
d.     Aku sinau, adhiku malah dolan        : ukara
2.     Bukune Budi isih apik, bukune Iwan uwis rusak.
           J               W                J               W
a.     Bukune Budi                  : frasa aran
b.     Isih apik                         : frasa kaanan
c.      Uwis rusak                    : frasa kaanan
d.     Bukune Budi isih apik   : klausa ning inggih ukara
e.      Bukune Iwan uwis rusak         : kausa ning inggih ukara
f.       Bukune Budi isih apik, bukune Iwan uwis rusak : ukara
Adhedasar rangkaning ukara (struktur kalimat), ukara salebetipun basa Jawi ingkang baku punika cacahipun wonten 5 inggih punika :
1.     J – W
2.     J – W – L
3.     J – W – Gg (geganep)
4.     J – W – L – Gg
5.     J – W – K

1.   Jejer
Jejer utawi subjek inggih punika perangan ingkang dados bakuning ukara utawi perangan ingkang dados lajenging ukara. Pramila adhedhasar pranataning ukara, jejer punika limrahipun mapan utawi dumunung wonten ngajeng, ananging kalamangsanipun saged mapan wonten ing tengah utawi pungkasaning ukara.
Titikan (ciri) jejer ing antawisipun inggih punika :
a.     Minangka jawaban pitakenan sapa utawi apa
Tuladha :    Doni sinau . . . sapa sing sinau : jejeripun Doni
                   Sepatune mlayu dhewe  . . . apa sing mlayu : jejeripun sepatune
b.     Saged ngginakaken tembung “iku” kejawi manawi jejeripun namaning tiyang, nama dhiri (nagari, kitha, instansi) utawi pronomina (aku, kowe, dheweke) boten prelu ngginakaken tembung “iku”.
Tuladha :    Indonesia isih nandhang krisis.
                   Sepur iku nabrak bis.
c.      Saged kaparingan katrangan pewates “sing” mapan sasampunipun jejer, nanging kalamangsanipun jejer “sing” boten prelu kasebataken.
Tuladha :    bocah sing kaosan ijo lagi nangis.
                   Murid (sing) anyar kuwi saka Demak.
d.     Saged kaparingan jenis-jenis tembung sanesipun tembung aran. Jejer boten saged kadhisikan tembung ancer-ancer, namung tembung lan frasa sanes ugi saged dados jejering ukara.
1.     Jejer ingkang awujud tembung utawi frasa aran.
Tuladha :         Ana kirang tampil basa Jawi.
2.     Jejer ingkang awujud tembung utawi frasa kriya.
Tuladha : Mulang tari bisa nambah rejeki.
3.     Jejer ingkang awujud tembung utawi frasa kaanan.
Tuladha :         Ayu durung mesthekake tumindhake becik.
4.     Jejer ingkang awujud tembung utawi frasa wilangan.
Tuladha :         Panca iku wilangan gangsal.
5.     Jejer ingkang awujud tembung utawi frasa sesulih purusa.
Tuladha :         awake dhewe kudu saya sregep sinau.
Tuladha ukara ingkang jejeripun wonten ing tengah lan wekasaning ukara :
a.     Kanthi ulat peteng, Najwa nyapun plataran ngarepan.
b.     Marga mumet, Safriel mulih ndhisik.
c.      Alon-alon lan ngati-ati, Sintha nuntun adhine.
d.     Yen mangkono ditulis waekabeh welinge.
e.      Karo ngepit diklebat-klebatake genderane.
2.     Wasesa
Wasesa utawi predikat punika perangan ingkang dados inti utawi punjering ukara. Ukara ingkang tanpa wasesa boten saged kawastanan ukara, ananging kalebet frasa. Miturut pranataning ukara, wasesa punika mapan sasampunipun jejer, dene ingkang saged dados wasesa adhakanipun tembung utawi frasa kriya, namung kalamangsanipun tembung sanes inggih saged.
Titikan (ciri) wasesa antawisipun :
a.     Wasesa ingkang awujud tembung utawi frasa kriya.
Tuladha :    adhik nangis
b.     Wasesa ingkang awujud tembung utawi frasa kaanan.
Tuladha :    regane larang
c.      Wasesa ingkang awujud tembung utawi frasa aran.
Tuladha :    isine tas iku buku
d.     Wasesa ingkang awujud tembung utawi frasa wilangan.
Tuladha :    wit jambu ing kebone embah putri seket wit
e.      Wasesa ingkang awujud tembung utawi frasa ancer-ancer.
Tuladha :    Dwi menyang Demak karo Budhene
3.     Lesan
Lesan utawi objek punika badhe wonten menawi ukaranipun tanduk (kalimat aktif). Ukara tangggap (kalimat aktif) boten anggadhahi lesan, jalaran lesan punika perangan ukara ingkang gumantung wasesanipun. Dados lesan wonten ing ukara manawi wasesanipun ukara, awujud tembung kriya tanduk.
Titikane (ciri) lesan ing antawisipun :
a.     Dumunung wonten sawurining wasesa, ingkang awujud tembung kriya.
Tuladha :
·        Celeng-celeng padha ngrusaki tanduran timun.
·        Ibu mundhut sayuran.
·        Bapak ngguyang sepedha motor.
b.     Saged dados jejer manawi ukaranipun kaewahi dados ukara tanggap.
Tuladha :
·        Tanduran timun dirusak celeng-celeng.
·        Sayurane dipundhut ibu.
·        Sepedha motore diguyang bapak.
4.     Geganep
Geganep utawi pelengkap punika kalebet perangan ukara ingkang ginanipun kangge njangkepi wasesa. Ukara ingkang wonten geganenipun punika padatan wasesanipun awujud tembung kriya. Bentenipun geganep kaliyan lesan :
a)     Lesan saged kadadosan jejeripun ukara tanggap,
b)    Geganep boten saged kadadosaken jejer wonten ing ukara tanggap, saupamia saged ukaranipun badhe ewah tegesipun. Ananging manawi sawingkingipun wasesa wonten lesanipun, geganep dumunung wonten ing sisih tengenipun lesan lan boten saged ngrumiyini lesan.
Tuladha :
·        Adhiku kelangan dhuwit.
      J         W        Gg
·        Azka  nyilihke  adhine  buku wacan.
    J        W           L            Gg
5. Katrangan (Panerang)
              Perangan ukara ingkang boten baku, jalaran saged kemawon boten wonten. Dunungipun saged ing ngajeng, pungkasan utawi ing antawisipun jejer lan lesan. Jinisipun katrangan wonten ingkang nyebat babagan : a) wekdhal, b) papan, c) cara, d) pirantos, e) sebab, lsp.
Tuladha :
a.     Wingi kancaku ngrebut juwara basa Jawa.
b.     Fina nggarap tugas basa Jawa ing meja belajar.
c.      Kanthi teliti Farel nulis paragraf aksara Jawa.
d.     Rikha ngonceki pelem nganggo lading.
e.      Intan nggarap tugas geguritan amarga mati listrik.
         
Frasa inggih punika kelompok tembung ingkang dumadi saking inti lan atributif. Ing basa Indonesia inti lan atributif (IA) niku sami tegese kaliyan dirterangkan-menerangkan, menawi atributif-inti (AI) niku sami kaliyan menerangkan-diterangkan. Urutanipun frasa ing basa Jawa  saged IA lan saged ugi AI.
n       No.
Frasa
Inti
Atributif
1.
Sepatu
Srandhal
2.
Bocah
Lanang
3.
Klambi
Amoh
4.
Kandhang
Macan
5.
Omah
Dara
         
Klausa inggih punika rerangkening tembung ingkang saged ngudhar sawijining gagasan utawi sawijining bab. Ing pacelathon utawi ing paguneman saora-orane, klausa puniku kados wonten wasesane (predikat), ananging ing basa tulis klausa puniku saora-saorane dumadi saking jejer (subjek) lan wasesa (predikat). Kajaba niku klausa ugi saged dados ukara.
Tuladha :
-         Dheweke iku    //   dhokter bedhah
     Jejer (J)                        Wasesa (W)
Dheweke kuwi (frasa aran)
Dhokter bedhah (frasa aran)
Dheweke dhokter (klausa)
Dheweke kuwi dhokter bedhah (klausa)