Crita Wayang
Kesenian wayang kuwi
salah sawijining wujud kesenian tradhisional kang ana ing bumi nuswantara,
mliginipun Jawa. Kesenian wayang wiwit ngrembaka ana ing jaman syiar Islam
dening Sunan Kalijaga. Wektu kuwi, kesenian wayang digunakake kanggo ndhudut
atine masyarakat utawa ngajak kabeh masyarakat
supaya padha gelem teka. Sabanjure dening Sunan Kalijaga, masyarakat
kang wis ngumpul kuwi diwejangi ajaran Islam. Ing jaman saiki, kesenian wayang
isih tetep lestari awujud pagelaran ing acara duwe gawe lan liya-liyane.
Crita wayang kuwi
ana pirang-pirang. Nangng satemene babone mung ana rong werna yaiku kitab
Mahabharata kaangit dening Empu Sedah lan Empu Panuluh, dene kitab Ramayana
kaanggit dening Empu Walmiki. Menawa ana crita wayang kang nalisir saka
kekarone diarani crita carangan. Kang diarani crita carangan yaiku crita wayang
kang njupuk saka crita liya tumangkare babaran crita manut kreasine dhalange
dhewe.
Ing kasusastran Jawa
ana tetembungan ingaran Serat Lakon yaiku buku-buku kang ngemot bab crita
wayang. Ana ing kabudayan Jawi wayang mono mujudake gegambaran uripe manungsa
wiwit saka lair tumekaning pati/ajal, lan gegambaran ing alam kelanggengan.
(Sri Mulyono, 1979 : 7). Mula ora mokal manawa sajroning pagelaran wayang
purwa, najan tata gelar wujud tontonan nanging
sejatine, ngemot tuntunan kang kebak
ing tatanan uriping manungsa.
Dene kang dadi sumbering crita wayang yaiku baboning buku crita
saka Serat Ramayana lan Mahabharata. Lakon wayang kuwi maneka warna cacahe :
a. Lakon
lebet/bebles :
Dewa Ruci, Bima Suci, Begawan Ciptaning utawa Arjuna Wiwaha, lan
sapanunggalane.
b. Lakon lair, raben/alap-alapan : Partakrama, Dewi Surtikanthi, Dewi
Sukesi, lan liya-liyane.
c. Lakon wahyu :
Cakraningrat, Makutharama, Tri Purba Sejati, lan sapanunggalane.
d. Lakon ruwatan : Sudamala,
Purwakala.
e. Lakon banjaran
lan liya-liyane.
Tuladha crita wayang.
Lembu Andini
Lembu
Andini wujude sapi wadon sing rupane putih. Lebu Andini kuwi titihane Bathara
Guru. Asale saka jagad sunyaruri, anake ratu Jim negara Dahulagiri aran Prabu
Patanam. Mula bukane Lembu Andini dadi titihane Bathara Guru, critane mangkene.
Bathara Guru kaparingan dhawuh dening Sang Hyang Tunggal supaya ngratoni jagad
tetelu utawa Tribawana, yaiku Jagad
Luhur, Jagad Madya, lan Jagad Andhap. Jagad luhur kuwi jagade para dewi-dewi,
bathara-bathari, widadari-widadari. Jagad madya kuwi jagade ara titah jalma
manungsa. Dene jagad andhap kuwi jagade alam kajiman lan kewan.
Sawijining dina Bathara Guru niti
priksa kahananing jagad kanthi cara mabur ing angkasa. Nalika tekan ing
pucuking Gunung Tengguru, Bathara Guru gumun priksa ana cahya utawa sorot saka
puncak gunung mau. Bareng ditekani jebul ana sapi putih kang lagi semedi.
Bathara Guru mundhut pirsa sapa satemene
sapi mau. Bareng didangu sapi mau wangsulan kanthi tembung sing sora lan
ngaku menawa dheweke pangeran sing nguwasani jagad saisine, ora mung sato kewan
sing dadi adhahane, nanging uga jalman manungsa kang kudu manembah marang
dheweke.
Midhangetake banjur andini kang kaya mangkono mau Bathara
Guru duka lan ngendhika menawa sesembahaning jagad kuwi ora liya mung Gusti
kang Maha Agung, dene kang kaprasahan ngreksa Tribawana ora liya yaiku dheweke,
Bathara Guru. Bathara Guru banjur mateg aji Kemayan Jati. Ketaman Aji Kemayan
Jati, Lembu Andini sanalika nglempuruk tanpa daya, ndhrodhog, rumangsa kasoran
kaprawiran lan kalah prebawan. Andini banjur matur marang Bathara Guru, pasrah
bongkokan awit wis kalah. Bathara Guru isih paring urip marang Andini lan
Andini dipundhut dadi titihane.
Kapethik salka
Multyara Rinonce
Bale Sigala-gala
Kacarita para Pandhawa rena
panggalihe amarga Yudhistira bakal kajumenengake nata pinangka sesulihe ramane
Pandhu Dewanata. Kosok baline Duryudhana banget sungkawa ing galih midhanget
swarane kawula Ngastina kang nyubya-nyubya kaluhurane Yudhistira. Mula
Duryudhana banjur nganakake pirembugan klawan paman Sengkuni lan Adipati Karna.
Wosing rembug ora sarujuk yen Yudhistira jumeneng nata.
Duryudhana
banjur marak sowan ramane Drestharastya nyuwun supaya murungake anggone bakal
njumenengake nata Yudhistira. Pinangka gantine ora liya yaiku Duryudhana. Amrih
kasembadane sedya Pandhawa dipindhahake menyang Wanamarta. Menawa mengko
Duryudhana wus jumeneng nata Pandhawa bakal ditimbale maneh.
Sakawit
Drestharastya ora sarujuk awit Duryudhana ora duwe hak lan Pandhawa kang
nduweni hak jumeneng narendra Ngastina. Dewi Gendari uga maringi pituduh. “ he
putraku menawa sira sekadang ora gelem nyarujuki mengkone bakal kelakon Kurawa
tumpes amarga perang sedulur.” Midhange pangandikane rama lan ibune Duryudhana sangsaya
ndhesek supaya kajumenengake nata. Menawa ora kersa njumenengake nata,
Duryudhana bakal suduk sarira. Drestharastya luluh penggalihe wusana Duryudhana
kajumenengake nata Hastinapura.
Kanthi
kahana mangkono mau Pandhawa tetep sabar. Pandhawa tansah ngugemi tetembungan
wong sabar wekasane subur. Nanging Kurawa sangsaya kuwatir menawa mbesuke
Pandhawa nagih janji, mulane Pandhawa dibudidaya amrih sirnane. Kanggo mujudake
sedyane, Duryudhana mercaya abdine aran Puracaya supaya nggawe pasanggrahan ana
Wana marta. Pasanggrahan mau digawe saka bahan sing gampang kobong.
Pasanggrahan utawa bale mau banjur sinebut “Bale Sigala-gala”.
Sawise
pasanggrahan dadi Pandhawa dibujuk utawa diapus karma. Sandiwarane Duryudhana
mau sejatine dimangerteni dening Arya Widura adhine Pandhu Dewanata. Mula Arya
Widura utusan abdine supaya methuki Pandhawa menyang Wana marta. Wosing gati
Pandhawa supaya gawe trowongan saka njerone pasanggrahan jumedhul tumeka alas
lan uga dijlentrehake pigunane trowongan mau.
Ing
sawijining wengi nedheng-nedhenge Pandhawa lan Dewi Kunthi sare pasanggrahan
diobong. Prasasat mung sakedheping metra pasanggrahan kobong dadi awu. Pandhawa
lan ibune cepet-cepet mlebu trowongan. Mbarengi wengi kuwi Pandhawa kedhayohan wong saka desa tur turu kepati,
wusanane wong enom mau mati kabeh.
Krungu
kabar menawa pasanggrahan kobong, Kurawa padha teka menyang Wana marta. Ing
lahir katone trenyuh nanging batine bungah banget awit klilipe wis ilang.
Bareng ngerti wong sing mati cacah enem Kurawa padha nangis api-api nggetuni,
batine cingklak-cingklak jejogedan. Sabanjure Kurawa nganakake bojana
andrawina.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar