Maneka Warna
Upacara
Mligi kanggo mimbuhi kawruh bab upacara ningkah adat Jawa
Ing bab ningkah cara Jawa,ana sawetara pakulinan mligi kang
katindakake, gayut karo kang diningkahake. Dheweke iku statuse ana ing
kaluwarga kepiye. Upamane : randha apa dudha, anak ragil utawa wuragil,
nglangkahi, lan liya-liyane. Upacara mligi kang sok-sok ditindakake upamane :
A.
Upacara Bubak Kawak
Upacara bubak kawak iki katindakake nalika ijabe
anak barep. Upacara panggih tetep dianani. Mung wae ing kene bapakne manten putri
ngombe rujak degan. Sawise ibune manten putri menehi rujak marang bojone lan
banjur diombe, tumuli nakoni : “apa rujake kurang enak?”diwangsuli : “ rasane
enak lan seger!”. Rujak mau banjur diwenehake marang kang wadon maneh, supaya
melu ngicipi. Sawuse ngrasakake nuli kandha “ pancen nyata rujak degan iki enak
lan seger”. Sabanjure rujak mau diwenehake marang manten sakloron supaya padha
ngicipi.
B.
Upacara Tigas
Upacara tigas iki mung mligi ditindakake ana ing
akad nikah antarane jaka lan prawan lan tetep nganggo upacara panggih.
C.
Upacara Langkahan
Upacara langkahan iki katindakake manawa calon
manten putri anggone ningkah luwih ndhisik katimbang kakange kang durung nikah.
Sadurunge akad nikah, calon manten putri kudu jaluk idin marang kakange kang dilangkahi.
Tumindake bab iki lumrahe diwiwit sadurunge midodareni. Jalaran upacara iki
asipat mirunggan, mula lumrahe mung sineksenan dening kaluwarga. Biyen upacara
iki katindakake ing sangareping senthong utawa kamar tengah, nanging samengko
iki katindhakake ing kamar manten.
Sadurunge upacara langkah katindakake, kakangne
lan bakyune siyaga nganggo dandanan Jawa lan lungguh ing sila utawa timpuh ing
papan kang wis dicawisake. Dene urut-urutane tumindak mangkene :
1.
Calon manten ngadhep kakang utawa bakyune kanthi
lungguh timpuh lan nuli nyembah sinambi kandha utawa ngomong: “ kangmas utawa
bakyu, kkula nyuwun idin badhe ngrumiyini lumampah, saha nyuwun pangestu,
mugi-mugi lampah kula kekalih samangke dumugi papan kang kula sedya lan manggih
seneng, tinebihna ing rubeda sambekala, amin.”
2.
Sawise ngucap mangkono mau, nuli calon manten sungkem
karo ngambung dhengkule tengen dikantheni niat utawa sedya kang tandhes
temenan. Kangmase utawa mbakyune nampa sarana numpangake tangane ana ing
pundhake kiwa tengen adhine sinambi mangsuli : “ dak paring idin lan palilah
lumakua dhisik, slamet ora kurang sawiji apa, tekan papan kang kok tuju.
Muga-muga Gusti Kang Maha Agung tansah maringi seneng ing sapandhuwure lan aku
enggal nututi. Amin.” Nuli calon manten lungguh maneh ing papan sekawit banjur
masrahake sanggan kang wujud : pisang raja, kembang telon lan benang lawe serta
tali asih utawa tandha mata, bisa wujud apa wae.
D.
Upacara Tumplak Punjen
Upacara tumplak punjen lumrahe ditindakake nalika
wektu ijab kanggo anak wuragil. Sarat-sarat kudu dicukupi ing upacara tumplak
punjen iki yaiku gawe kanthongan-kanthongan cilik kang nuli diiseni : dhuwit
receh utawa logam, empon-empon, beras kuning lan kembang sritaman. Ngenani
akehe dijumbuhake karo kekuwatane.
Kabeh kanthongan cilik-cilik mau dicemplungake
bokor kang uga isine padha karo kanthongan cilik-cilik mau. Sabanjure
kanthongan-kanthongan cilik mau didum-edumake dening ibune manten marang
anak-anake kabeh, wiwit saka kang barep tekan wuragil kang bakal dadi manten.
Turahane diwewehake marang para tamu. Sabanjure wiji-wiji kang ana ing bokor
siyaga kasebar kanggo putu-putune kareben ora ana kang keri. Upacara tumplak
punjen iki ditindakake sadurunge upacara sungkeman. Persise sawise upacara
kacar-kucur utawa tampa kaya lan sadurunge wong tuwane manten kakung dipethuk.
E.
Upacara Macul Tumpeng
Upacara macul tumpeng iki katindakake wektu ijab
antarane sedulur misan utawa nunggal embah buyut lan manut sarasilah manten
wadon luwih tuwa katimbang manten kakung. Tumindake kudu didhisiki nganggo
sarat manten kakung macul tumpeng, sabanjure kanthi ngadeg, nrajang benang
lawe. Upacara iki ditindakake sadurunge upacara panggih.
Sewalike manawa manut salasilah, manten kakung
kang luwih tuwa katimbang manten putri, mula manten kakung ora kudu macul
tumpeng, ananging cukup srana nrajang bolah lawe wae. Sawise iku ditindakake
upacara panggih.
F.
Upacara Nyiram Bugel
Nalika sajroning nindakake akad nikah mantene wis
randha, nanging durung duwe anak (randha kembang)sarat kang kudu dilakoni yaiku
manten kakung nyiram bugel, yaiku kayu kang wis diobong kanggo olah-olah lan
isih mengangah (ana genine). Upacara iki katindakake ing sangarepe lawang,
sadurunge upacara panggih. Sawalike manawi kang nindhakake ijab antarane prawan
karo dudha durung duwe anak, kang nindakake nyiram bugel manten putri, uga amna
ing ngarep lawang sadurunge upacara panggih.
(kabesut
saking : sempulur No.07/11/2013/ Heni TH)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar