UPACARA TINGKEBAN
·
Tatacara Adat Jawa
Tingkeban
Sawise dadi manten, pengarep-arepe
yaiku supaya enggala antuk keturunan (anak). Ana ing kabudayan Jawa tatacara
kang ditindakake yaiku sawise si calon ibu anggarbini utawa mbobot. Tatacara
kasebut ora liya tujuwane yaiku mung kanggo mersudi supaya tansah memuji syukur
maring Gusti Kang Akarya Jagad, kacihna panuwune amarga wus pikantuk karahayon.
Upacare dianakake mesthi wae nduweni ancas kang kepengin dening kaluwarga,
mligine ancas supaya bayi lair kanthi gampang, slamet lan ora ana alangan
apa-apa . kajaba iku muga-muga mbesuke bisa dadi anak kang bekti marang wong
tuwane. Ananging tatacara iki minangka tinggalane para leluhur jaman biyen kang
isih ana pangaruhe saka agama Hindhu lan Budha.
Ing jaman saiki mligi wong kang
ngrasuk agama Islam wis akeh sing ninggalake. Ing kene diterangake cukup kanggo
pangerten. Dene tatacara kang ditindhakake ana ing wektu calon ibu nedheng
mbobot yaiku tatacara “tingkeban” yaiku tatacara nalika calon ibu mbobot umure
wis 7 sasi.
Dene cethane tatacara kang prasaja mangkene :
Tingkeban
utawa kang uga diarani mitoni, dilaksanakake sawise calon ibu mbobot 7 sasi
utawa luwih. Tata cara iki ora kena ditindakake sadurunge utawa kurang saka 7
sasi, sanajan ta mung kurang saka sadina. Tujuwane mitoni utawa tingkeban
supaya calon ibu lan calon jabang bayi tansah dijaga keslametane.
Ubarampene :
1. Bubur werna 7
2. Gudhangan mateng sayur 7 werna
3. Sega megana
4. Jajan pasar
5. Rujak
6. Ampyang
7. Kendhi
8. Maneka warna pala (pala kapendhem, pala gumantung, pala kesimpar),
9. Ketan kang dikukus diwerna putih, abang, ijo, coklat, kuning
10. Tumpeng sega putih
11. Endhog
12. Pisang raja lan pisang pulut
13. Tumpeng cilik 7 werna kanthi lelawuhan bedha-bedha
14. Kembang setaman
15. Jarik werna 7
16. Cengkir/degan gadhing
17. Benang lawe
Tatacarane :
1. Sawise ubarampe kang kasebut ing dhuwur wus samekta,banjur didongani.
2. Upacara tingkeban kawiwitan mangka sungkeman.
Ing acara sungkeman, calon ibu lan calon bapak
luwih ndhisik sumungkem ing ngarsane Rama lan ibune. Sungkeman nduweni teges
muga-muga ing tenbe jabang bayi kang dilairake bisa dadi bocah kang bekti
marang wong tuwane.
3. Sabanjure ana ing tatacara adat tingkeban kasebut kang ditindhakake
yaiku si calon ibu nglaksanakake adicara siraman, kang migunakake banyu saka
kembang setaman. Calon ibu disiram dening wong pitu, kayata : bapak saha ibu
saka calon ibu, bapak saha ibu saka calon bapak, simbah, sedulur utawa tangga
teparo kang bisa dadi tuladha becik. Banyune dijupuk saka pitung sumber.
4. Sawise siraman banjur sesuci (wudhu).
Banyu kang diwadahi ing kendhi kanggo sesuci
mau banjur dipecah dening ibu saka calon ibu kanthi ngendhika : “ora mecah
kendhi, nanging mecah pamore jabang bayi.”
5. Banjur diterusake ganti busana kaping 7.
ing upacara tingkeban, calon ibu ganti nyamping
kaping pitu, kang urut-urutane :
·
Nyamping sidaluhur,
·
Sidamukti,
·
Truntum,
·
Wahyu tumurun,
·
Udan riris,
·
Parang kusuma, lan
·
Semen romo.
6. Sabanjure ganti nyamping ana adicara nigas janur kuning.
Calon bapak nigas janur kuning kang diubetake
ing bangkeane calon ibu.
7. Sawise nigas janur kuning, calon bapak banjur mlayu banter.
Adicara iki nduweni ancas muga-muga jabang bayi
bisa lair kanthi lancar lan cepet.
8. Banjur acara brojolan.
Brojolan ing kene ana werna loro yaiku :
·
Brojolan tigan (kanthi
pangajab muga-muga bayi bisa kalairake kanthi gampang ora ana sukerta kang
ngalang-alangi).
·
Brojolan cengkir.
Yaiku digambari Kamajaya lan Kamaratih utawa
Arjuna lan Subadra kang minangka pralambang lare jabang bayi.
9. Ngethok benang lawe
10. Mecah klapa gadhing.
11. Kendhuri
Mangkono mau urut-urutan ing upacara
tingkeban. Ananging, amarga desa mawa mawa cara negara mawa tata, mula ora
mokal manawa saben dhaerah beda tata cara nindhakake. Kabeh mau minangka simbol
kanggo nggayuh kabecikan.
Minangka cathetan, dene mitoni iki
dilaksanakake nalika calon ibu iku mbobot kang pisanan, dene seteruse ora perlu
tatacara tingkeban.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar