Sabtu, 09 Januari 2016

Kawruh Sapala 2



Kawruh Sapala 2
(Widya Tembung, Widya Swara, Widya Makna)

1.     Widya Tembung
Widya tembung ngemu teges ilmu bab tembung. Tembung iku rerangkening swara kang kawedhar saka jroning tutuk, ngemu teges lan bisa kasumurupan surasane. Ing ilmu basa widya tembung lumrah ingaran morfologi.
A.   Wujude Tembung
Adhedasar wujude, tembung basa Jawa bisa diperangake dadi papat, yaiku :
1.     Tembung lingga
Yaiku tembung kang isih wutuh durung rinaketan imbuhan apa-apa. Dene jinise ana kang dumadi saka sawanda, rongwanda, utawa telung wanda (suku kata).
Tembung Lingga Sawanda
Tembung Lingga Rong Wanda
Tembung Lingga Telung Wanda
Gong
Jas
Ban
Las
Sapi
Pitik
Pari
Dhipan
Padharan
Kulina
Rekasa
Mustaka
Let
Cet
Gram
Pir
Lsp.
Wajan
Kali
Wetan
Dhuwur
Lembeyan
Kapiran
Keliren
Santosa
2.     Tembung Andhahan
Yaiku tembung kang wus owah saka linggane, amarga kawuwuhi imbuhan. Wuwuhan (imbuhan/afiks) ing basa Jawa wujude ana papat yaiku ater-ater, seselan, panambang lan imbuhan bebarengan.
Ater-ater
Seselan
Panambang
Wuwuhan Bebarengan
-         Anuswara (n,m, ny, ng)
-         A
-         In
-         Er
-         I
-         A
Ka – an
Ka – en
-         Ka
-         Ke
-         Di
-         Sa
-         Pa
-         Pi
-         Pra
-         Pri
-         Tar
-         Kuma
-         Kami
-         Kapi





-         El
-         E (-ipun)
-         En
-         An
-         Na
-         Ana
-         Ane
-         Ake (-aken)
Pa – en
Pra – an
Anuswara – i
Anuswara – a
Anuswara – ake
Anuswara – ana
Anuswara – e
Di – i
Di – a
Di – ana
Di – ake
-in – an/-ake/-ana
-um – a
Sa – e
3.     Tembung Rangkep
Tembung rangkep kang uga ingaran reduplikasi  yaiku sekabehaning tembung sing diwaca kaping pindho, bisa sekabehaning tembung utawa mung sawanda bae. Ing basa Jawa cacahe ana telu yaiku dwipurwa, dwilingga, dwiwasana.
Dwipurwa
(tembung kang wanda sing ngarep diwaca kaping pindho)
Dwilingga
(tembung kang linggane diwaca kaping pindho kabeh)
Dwiwasana
(tembung kang wanda sing mburi diwaca kaping pindho)
Reresik
Bebungah
Gegaman
Memitran
Tetenger
Lelara
Jejuluk
Memangan
Menukang
Nyeyuwun
Ditetangis
Geguyon
Dwilingga padha swara :
Adik-adik
Bocah-bocah
Cilik-cilik
Ibu-ibu
Kanca-kanca
Lungguh-lungguh
Panas-panas
Putra-putra
Takon-takon
Dwilingga salin swara :
Gonta-ganti
Wira-wiri
Molak-malik
Wotak-watuk
Bola-bali
Lunga-lunga
Cilak-cilik
Odas-adus
Dwilingga semu :
Ondhe-ondhe
Anggang-anggang
Undhur-undhur
Besisik
Benyiyik
Cekakak
Cekikik
Cengengesan
Cingingak
Cingingis
4.     Tembung Camboran
Yaiku tembung loro utawa luwih kang kagandheng dadi siji lan duwe teges anyar, ora padha karo teges nalika isih wujud tembung lingga mau. Tembung lingga bisa diwuwuhi imbuhan apa bae. Jinise ana loro yaiku camboran tunggal lan camboran wudhar.
Camboran Tunggal
Camboran Wudhar
Semar mendem
Botrepot
Lare angon
Kakkong
Nyolong pethek
Kongel
Kembang lambe
Lunglit
Kuping wajan
Ndhekwur
Nagasari
Wandhak
Rajalele
Dubang
Dhadha menthok
Naksanak
Sisikmelik
Nakndulur
Ulerkembang
Kacang brol
Kinjengdom
Cocor bebek

2.     Widya Swara
Widyaswara dumadi saka tembung widya lan swara. Widya asale saka basa Jawa Kuna kang tegese “ilmu” lan swara kang tegese “uni”.
Dadi widyaswara iku ngelmu kang ngrembug lan nyinau bab swara utawa uni, ing ilmu basa asring katelah fonologi. Dene kang dirembug ing widyaswara yaiku swara-swara kang ana tegese, dudu swara kang ora tegese, dene titikane swara iku mau bisa mbedakake wujud an mbedakake teges.
Tuladhane :
-         Gilo            ><     beda karo    >< gila
-         Wedi           ><     beda karo    >< wedhi
-         Saba           ><     beda karo    >< sapa
-         Kudu          ><     beda karo    >< kuru
-         Lemper       ><     beda karo    >< lemper
-         Lempeng     ><     beda karo    >< lempeng
-         Lan sapiturute
Swara iku unining angin kang metu saka paru-paru lan kawedhar saka jroning tutuk. Pametuning swara mau ana kang mawa pancandan gorokan, cethak, ilat, untu, utawa lambe lan ana uga kang ora nganggo pancandan apa-apa. Adhedhasar pametuning swara, fonem basa Jawa bisa dibedakake dadi loro yaiku vokal lan konsonan.
Vokal : Vokal ing basa Jawa gunggunge ana pitu yaiku :
1.     Vokal /a/ ingaran vokal a swara miring
Tuladhane :
Aku
Laris
Alu
Babad
Ora
Bapak
Mau
Kocak
2.     Vokal /a/ ingaran vokal a swara jejeg
Tuladhane :
Amba
Rata
Sapa
Bata
Rana
Kuna
Basa
Padha
Japa
Kuna
3.     Vokal /o/ bisa mapan ing ngarep, tengah lan buri
Tuladhane :

Obah
Kebo
Omah
Belo
Owah
Loro
Ora
Coro
Oyeng
Mlongo
4.     Vokal /i/ swara miring
Tuladhane :
Cacing
Wajik
Cuwil
Tarik
Apik
Wiwit
Arit
Dhuwit
Titip
Jepit
Vokal /i/ swara jejeg
Tuladhane :
Iga
Siji
Ijab
Driji
Iga
Pari
Ilang
Dadi
Ilat
Wani
5.     Vokal /u/ swara miring
Tuladhane :
Biyung
Bingung
Lamur
Siwur
Siyung
Kasur
Parut
Ngebut
Vokal /u/ swara jejeg
Kuku
Tuku
Udan
Wulu
Urang
Saru
Ulem
Telu
6.     Vokal /e/ swara miring
Tuladhane :
Estu
Saren
Eblek
Suwek
Sewu
Gepeng
Karet
Melet
Vokal /e/ swara jejeg
Tuladhane :


Eman
Ewuh
Wage
Sate
Tela
Sare
Kene
Rame
7.     Vokal /e/ mung bisa dumunung ing ngarep lan ing tengah tembung, lumrah ingaran e pepet
Tuladhane :
Entub
Tetep
Empuk
Anget
Pucet
Kekep
Emoh
Seret
3.     Widya Makna
Widyamakna iku uga kalebu peranganing ilmu basa kang ngrembug bab teges, teges ing tembung, teges ing frasa lan teges ing ukara. Widyamakna ing ilmu basa ingaran semantik utawa tatamakna. Kang karembug ing widyamakna iku ing antarane yaiku dasanama (sinonim), antonim, homonim, hiponim, polisemi, ambiguitas, jinising makna, tandha lan simbol.
A.   Sinonim
Tembung loro utawa luwih kang wujud lan panulisane beda, nanging duwe teges padha/meh padha.
Tuladha :
1.     Jeneng = aran                          11. Cepet = rikat
2.     Langka = arang                       12. Angslup = ambles
3.     Adhem = atis                           13. Sabar  = sareh
4.     Mangkat = budhal                             14. Bengi = ratri
5.     Abang = abrit                          15. Pinter = wasis
6.     Bledheg = gludhug                            16. Gawe = kardi
7.     Dewa = Bathara                      17. Gunung = giri
8.     Bapak = rama                         18. Kethek = wanara
9.     Dalan = marga                         19. Kembang = sekar
10.                        Banyu = tirta                           20. Slamet = sugeng
Ing basa Jawa saliyane ana sinonim tembung uga ana sinonim ukara kayata :
1.     Aku wis maca buku kuwi                           = buku kuwi uwis dakwaca.
2.     Wisnu methuk Zahra                         = Zahra dipethuk Wisnu.
3.     Aida ngepel teras ngarepan               = teras ngarepan dipel Aida.
4.     Pak Zi lan Bu Mida iku wong tuwaku        = Pak Zi lan Bu Mida iku bapak lan ibuku. 
5.     Omah sing apik kuwi arep didol                 = omah apik kuwi arep didol.
B.   Antonim
Tembung, frasa utawa ukara kang duwe teges walikan/kosok balen karo tembung, frasa utawa ukara sadurunge.
Tuladha :
1.     Adoh          ><     cedhak
2.     Adol           ><     tuku
3.     Amba                   ><     ciyut
4.     Anyar                   ><     lawas
5.     Bagus                   ><     elek
6.     Bener          ><     luput
7.     Becik          ><     ala
8.     Dawa          ><     cendhak
9.     Edan           ><     waras
10.                         Eling          ><     lali
11.                         Gampang   ><     angel
12.                         Gedhe        ><     cilik
13.                         Pinter         ><     bodho
14.                         Sugih         ><     mlarat
15.                         Tuwa                   ><     anom
C.   Homonim
Yaiku tembung siji kang tulisan lan pangucape sarwa padha. Sanajan mangkono ora ateges maknane uga banjur padha.
Tuladha :
1.

a.     Pak Hasrun lagi ngukuri lemah pekarangan ing desaku.
b.     Dhik Janto wiwit mau tansah ngukuri wetenge.
2.

a.     Adhuh, wetengku krasa suduken.
b.     suduken macan kuwi yen wani!

3.



D.   Homofon
Yaiku tembung loro utawa luwih kang unine/pocapane padha, nanging tulisan lan tegese beda.
Tuladha :
1.

a.     Bareng katimbang bobotmu luwih anteb.
b.     Bocah kok ora ana antepan ati, gek ya gek ora.
2.

a.     Godhong kates digodhog kanggo kulub mesthi seger.
b.     Ngger kulup Abimanyu, coba nyedhaka mrene!
3.

a.     Mas, adhimu iku parabane sapa ta?
b.     Mas, tulung surat iki panjenengan parap!

E.   Homograf
Yaiku tembung loro utawa luwih kang padha tulisane nanging pocapan/unine lan uga tegese beda.
Tuladha :
1.

a.     Punika teken kagungane Eyang.
b.     Mangga Pak, kantun teken ngriki kemawon
2.

a.     Jakarta jare geger, apa bener Mas?
b.     Kuwi geger ing kimawu kok pating balrut, kena apa?
3.

a.     Menawi sayah kula aturi kendel rumiyin, Dhi.
b.     Bareng mundhak gedhe mundhek kendel saiki.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar