WUTAHING LUDIRA
(Perange Subali lan Sugriwa)
Kacarita
ing pertapaan Agrastina ing daerah gunung Sukendra, ana salah sawijining Resi
sing jenenge Resi Gotama. Amarga baktine marang para Dewa ing kahyangan, Resi
Gotama dianugerahi bidadari kang ayune tumpuk undhuh sing aran Dewi Indradi.
Saka perkawinane kuwi nduweni anak telu, Dewi Anjani, Guwarsa lan Guwarsi. Dewi
Indradi ngrasa kesepian amarga nduweni garwa Brahmana sing gaweane tapa brata.
Sawijining dina:
Dewi
Indradi : “ duhh kakang Gotama..sampeyan
niku lak mpun sepuh, lah kok isih seneng tapa brata? nelangsane atiku kakang..”
Amarga kesepian banjur Dewi Indradi
kagodha marang Bathara Surya lan padha katresnan. Dewi Indradi nduweni pusaka
kadewatan, Cupumanik Astagina saka Bathara Surya. Bathara Surya wanti-wanti
supaya pusaka kuwi ora diwehke sapa wae termasuk anak lan garwane. Sawijining
dina pusaka diwehke marang anak wadone, Anjani. Nalika Anjani ngemat-ngemat
pusaka kuwi konangan dening Guwarsa lan Guwarsi.
Guwarsi : “ mbakyu Anjani, apa kuwi?
Apa kuwi diwenehi rama?”
Anjani : “ ora, koe ora perlu
ngerti.”
Guwarsa : “ gawa rene, kuwi hakku.
Kowe ki cah wadon ora perlu gawa pusaka kaya ngono kuwi.”
Anjani
: “
hhussh aja sembarangan ngomong kowe dhimas, iki amanate byung supaya aku njaga
pusaka iki lan ora oleh di wehno sapa wae.”
Guwarsa
lan Guwarsi : “ hhalah pokoke pusaka kuwi
kudu dadi duwekku mbakyu.”
Anjani, Guwarsa lan Guwarsi rebutan
pusaka Cupumanik Astagina banjur Resi Gotama lan Dewi Indradi teka.
Resi
Gotama : “ Anjani, pusakane sapa kuwi
nduk?”
Anjani : “ niki.. niki pusaka saking byung
rama.”
Resi
Gotama : “ Indradi, saka ndi Cupumanik
Astagina kuwi? Pusaka kuwi mung Bathara Surya sing nduwe.”
Dewi
Indradi : “ huhuhu.. ngapunten kakang,
leres niku saking Bathara Surya.”
Resi
Gotama : “ ooo.. dadi kowe tresna marang
Bathara Surya sak suwene iki, hha?.”
Dewi
Indradi : “ sepurane kakang, kula panci
lepat..”
Saking nesune, Dewi Indradi dikutuk
dening Resi Gotama dadi watu lan di uncalke ing taman Argasoka cedhak kerajaan
Alengka. Nanging Cupumanik Astagina diguwak ing bumi lan pecah dadi telaga
Nirmala. Banjur Anjani, Guwarsa lan Guwarsi mudhun ing bumi nututi pusaka kuwi.
Ora suwe Guwarsa lan Guwarsi nyemplung ing telaga nggoleki Cupumanik Astagina.
Sawuse njedhol, Anjani kaget.
Anjani : “ ohh, dhimas.. ana apa kok
wujudmu bisa dadi wanara dimas? Kok bisa kedadaean kaya ngene dhimas?. ”
Guwarsa : “ ohh, mbakyu.. apa ta salahku?.”
Anjani : “ apa amarga padha rebutan
cupumanik Astagina mau Dhimas?”
Guwarsi : “ aku lan Guwarsa kudu piye mbakyu
supayane bisa maleh dadi manungsa maneh?.”
Anjani : “ ayo dhimas dhewe ngadhep rama.
Kandha yen kahananae awake dhewe kaya ngene.”
Guwarsi : “ nanging mbakyu, apa rama gelem
nulungi awake dhewe mbakyu? Amarga dhewe wis gawe kucewane rama mbakyu.”
Anjani : “ dhewe lakyo anake rama dhimas,
mesthi rama kersa ngapura apa maneh ngeti kahanane awake dhewe kang dadi
wanara.”
Guwarsa : “ leres mbakyu, ayo menyang
pertapane rama njaluk pitulungan amarga aku emoh yen dadi wanara kaya ngene.”
Amarga kepanasan, Anjani uga raup
banyu telaga. Tangan lan raine uga maleh dadi wanara kaya adhi-adhine. Banjur
dheweke lan adhi-adhine madhep ramane. Tekane ing pertapane Resi Gotama.
Anjani : “
rama..rama.. niki kula rama Anjani, Guwarsa lan Guwarsi.”
Resi
Gotama : “ ana
apa Anjani, anakku.?”
Anjani : “ kula
badhe nyuwun pitulungane panjenengan rama.”
Guwarsa
lan Guwarsi : “ rama, kita
pengen dadi manungsa maneh rama.”
Resi
Gotama : “ kuwi
kabeh salahmu anak-anakku. Kuwi akibate yen padha serakah ing donya. Aku ora
bisa ngrubah wujudmu dadi manungsa maneh anakku.”
Guwarsa : “ nanging
panjenengan niku lak yo Resi ta rama? Apa angele ngubah wujudku, Guwarsi lan
mbakyu Anjani kang dadi wanara dadi manungsa maneh rama?”
Resi
Gotama : “
anakku, kuwi kabeh wis dadi ganjaran saka kelakuanmu dhewe. Nanging mboh
wujudmu manungsa utawa wanara, kowe kabeh iseh bisa nglakokake darma.”
Guwarsi : “ nanging
apa panjenengan ora isin rama yen nduweni anak awujud wanara?.”
Resi
Gotama : “ aku
luwih isin amarga anak lan garwaku ngapusi aku lan padha seneng marang donyane,
anakku..”
Anjani : “ napa
boten wonten cara rama, kagem ngubah aku lan dhimas-dhimasku?.”
Resi
Gotama : “ apa
kowe kabeh gelem nglakokake apa sing tak printah, anakku.?”
Anjani,
Guwarsa lan Guwarsi : “ nggih, purun
rama..”
Resi
Gotama : “
yowis, saiki padha lungawa nyucike dhiri kanthi tapa brata. yen kowe tapa
kanthi tenan lan dadi wong apik anakku, mesthi padha bisa maleh maneh dadi
manungsa. Aku mung isa ngandhani lan ora bisa mbantu apa-apa.”
Anggone tapa brata, Anjani ana ing
telaga Madirda. Guwarsa lan Guwarsi
ganti nama kanthi jeneng Subali lan Sugriwa. Tapane ana ing gunung lan
alas Sunyapriyangga. Anjani, Subali lan Sugriwa menyang panggonan tapane dhewe-dhewe.
miturut dhawuhe ramane, Anjani tapa kanthi slulup kayata kodok (cantoka) ana
ing tengahe telaga. Subali nggantung ing dhuwur ing wit kayata lowo (ngalong)
lan Sugriwa ngangkat salah siji sikile kayata kidang (ngidang). Nganti tahunan
suwene anggone tapa brata Anjani, Subali lan Sugriwa kanggo nebus kabeh dosane.
Sawijining dina, Bathara Narada teka.
Bathara
Narada : “ hei Subali lan
Sugriwa, apa kowe kabeh padha gelem nulung aku?.”
Subali : “ nyuwun tulung napa Bathara?.”
Bathara
Narada : “ aku njaluk tulung
supaya kowe kabeh gelem ngewangi aku ngilangke musuh kahyangan amarga aku
diutus dening Bathara Guru njaluk pitulunganmu.”
Sugriwa : “ sapa musuh sing wani
merangi kahyangan Bathara?.”
Bathara
Narada : “ raja Maesasura, raja
Goa Kiskenda.”
Subali : “ aku bakal merangi
raja kuwi Bathara, wani-wanine dheweke merangi kahyangan.”
Subali lan Sugriwa mangkat menyang
ing Goa Kiskenda. Subali pesen yen sing ngalir getih abang ing njabane goa
berarti Maesasura mati. Nanging yen getihe putih Sugriwa kudu nutup goa kuwi
nganggo watu gedhe amarga sing mati kuwi Subali. Maesasura diewangi dening
Lembusura lan Jatasura. Wong kuwi kabeh padha mati nganti ndase pecah. Getih
lan otake sing warnane abang lan putih ngalir dadi siji. Kanthi sedhih Sugriwa
nutup goa.
Sugriwa : “ ohh kakang Subali,
sepurane kangmas aku ora bisa ngewangi lan saiki sampeyan mati ndhisik
ninggalke aku, saiki aku ora nduwe sapa-sapa kangmas..”
Sugriwa lapor ing kahyangan. Amarga
Subali mati dheweke dihadiahi bidadari ayu sing jenenge Tara putrine saka Bathara
Indra. Ing tengah dalan Sugriwa lan Tara diadhang dening Subali.
Subali : “ hei Sugriwa, oo
dalah kaya ngono kelakuanmu dhimas? kowe sengaja nutup goa supayane aku ora
bisa metu lan kowe sing bakal nikah karo Dewi Tara? Aku ora nyangka yen utekmu
licik tenan dhimas..”
Sugriwa : “ ora kaya ngono
kakang, aku ngira yen sampeyan wis mati amarga getih sing ngalir metu goa
warnane abang lan putih.”
Subali : “ alaahh.. kuwi mung
akal-akalanmu tho’ supayane isa nikahi Dewi Tara, bener ta.?”
Sugriwa : “ saestu mboten
kakang..”
Amarga ora percaya banjur Subali lan
Sugriwa tukaran, banjur Bathara Narada mudhun ing bumi.
Bathara
Narada : “ Subali, apa sing
diomongke Sugriwa kuwi bener. Aja ta nukari sedulurmu dhewe. njaluko ngapura
marang dhimasmu, Sugriwa.”
Krungu dhawuhe Bathara Surya, Subali
njaluk ngapura marang Sugriwa.
Subali : “ sepurane dhimas
aku ora percaya marang awakmu.”
Sugriwa : “ nggih kangmas kula
nggih salah, kula nggih nyuwun pangapunten kangmas. Kula boten wonten niatan
licik punapa-punapa kangmas amarga sakmenika
amung panjenengan sedulurku.”
Subali : “ yawis-yawis, saiki
tahta Kiskenda iki panggonano, dadio raja sing adil lan aku rela yen Dewi Tara
dadi garwamu dhimas.”
Sugriwa : “ apa ora luwih apik
yen awake dhewe mimpin kerajaan bareng-bareng kangmas?.”
Subali : “ aku wis mutusake
yen aku bakal tetep dadi pertapa ing gunung Sunyapriyangga dhimas.”
Amarga Subali bisa mateni Maesasura,
dheweke dikei anugerah dening Bathara Guru arupa kesaktian yaiku ilmu sing
dheweke ora bakal bisa mati kanthi nama Aji Pancasunya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar