Nulis
Layang Kitir
Layang kitir yaiku layang
kang surasane cekak aos. Mula perangane layang ora ganep. Layang kitir
wewujudane kurang luwih kaya telegram nanging panulise tembung ora disingkat
kaya panulise sms ing jaman saiki.
Mula saka kuwi perangane
layang ora ganep kaya layang lumrahe. Layang kitir kuwi perangane meh saemper
karo layang lumrah, nanging tinulis kanthi cekak. Perangan kang tinulis ing
layang kitir bisa katulis mung surasane
layang lan peprenahan.
Sadurunge awake dhewe gawe
tuladha layang kitir, awake dhewe kudu ngerti ndhisik perangan-perangane
layang. Perangan-perangan kuwi antarane :
1.
Titi Mangsa
Yaiku nerangake dina lan wektu nulise
layang.
Tuladhane :
·
Demak, 01 Juni 2016
·
Donorejo, Selasa Legi 28 Juni 2014
2.
Satata Basa
Yaiku alamate layang kang dituju. Bisa
katulis ing dhuwur dhewe sisih tengen uga ing dhuwur sisih kiwa.
Tuladhane :
·
Kagem Topik, Jl. Bougenvill, No. 16 Ploso
Demak.
3.
Adangiyah
Yaiku salam pambukane layang.
Tuladhane :
·
Pamuji Rahayu
·
Salam taklim kula sekaliyan
·
Serat saha pangabekti kula
·
Kairing sagunging pakurmatan
4.
Purwaka Basa
Yaiku perangane layang kang surasane
minangka pambuka layang. Umume surasane ngandhakake kahanane kang nulis layang.
Tuladhane :
·
Sesarengan serat kula punika kula ngaturi pirsa
bilih kawontenan kula sakaluwarga ing ngriki pinaringan bagas waras lan
kawilujengan.
5.
Surasa Basa
Yaiku mratelakake surasa utawa isi lan
kekarepane layang.
6.
Wasana Basa
Yaiku perangane layang minangka atur
panutuping layang.
Tuladhane :
·
Wasana cekap semanten kabar saking kula,
benjang gantos dinten dipun sambung malih.
7.
Salam Panutup
Yaiku salam sabubare nulis layang.
Tuladhane :
·
Nuwun
·
Matur Nuwun
8.
Peprenahan
Yaiku nerangake kang nulis layang.
Tuladhane :
·
Serat saking kula
·
Nuwun ingkang putra
·
Embahmu, iskhaq
9.
Tapak Asma
Yaiku tanda tangan wong sing gawe utawa
ngirim layang.
10. Asma
Terang
Yaiku jenenge wong kang gawe layang
panggonane ana ing ngisore tapak asma.
Ing ngisor iki tuladha layang kitir.
Ø Bapak,
kula benjing sios wangsul, awit badhe preen semester. Nuwun. David.
Ø Katur
mas Bayu ing dalem
Wiyose
mas yen ndadekake keparenging penggalih lan ora pinuju kagem piyambak, aku
nyuwun ngampil kagunganmu sepedha motor, arep dakenggo tilik sedulur kang lagi
lara ing rumah sakit Ngesti Waluyo Parakan.
Dene
anggonku mbalekake mengko bengi.
Sunaryo
Tidak ada komentar:
Posting Komentar