Minggu, 10 Januari 2016

Nulis Skenario Sandiwara



Nulis Skenario Sandiwara

       Sandiwara (drama) yaiku sawijining karya sastra kang awujud pacelathon (dialog) lan gerak. Sandiwara mono kayadene karya sastra liyane, yaiku duwe tema, alur, latar (setting), paraga (pelaku) lan amanate. Menawa awake dhewe arep gawe skenario sandiwara mula kudu nggawe bab ing dhuwur mau.
1.      Tema
Tema uga diarani underaning crita. Saben sandiwara kang digarap lan ditindakake ana ing panggung mengku tema kang beda-beda, gumantung kang nulis drama. Tema lumrahe mapan ana ing sajroning crita.
Tema kang sepisan bisa disawang saka irah-arahane. Nanging ing jaman saiki akeh banget para penulis kang nggunakake irah-irahan kanthi sinandi, tegese irah-irahan durung bisa dicandak sadurunge nonton utawa ngrungokake nganti rampung.
2.     Latar (setting)
Latar yaiku papan lan wektu dumadine crita. Latar kudu cocog karo critane. Umpamane crita Diponegara, panggonane ing Ngayogyakarta (bisa ing jero omah utawa ning medhan gerilya) ing antarane 1825-1830).
3.    Paraga
Paraga raket gandheng cenenge karo watak. Sing kudu diterangake nalika nemtokake pelaku yaiku jeneng, umur, lanang utawa wadon, ciri fisik (kayata rambut, werna kulit, pawakan lan liya-liyane), watak wantune, kalungguhan (raja, kawaula), lan sapiturute.
Watak tokoh luwih cetha kawaca ing dhialog lan gerakan utawa tindak-tanduke. Tendak-tanduk iki kerep diterangake ing katrangan laku.
4.    Alur
Alur yaiku urut-urutaning crita wiwit pisanan nganti pungkasan (jalan cerita). Alur iki isine konflik antarane tokoh siji lan sijine, antarane tokoh kang ala lan tokoh kang becik, antarane satriya lan durjana lan liya-liyane.
Jinis alur iku ana maneka warna, tuladhane yaiku alur maju, alur mundur lan alur campuran (maju lan mundur).
5.     Amanat
Amanat yaiku piwulang kabecikan kang ana ing jeroning crita.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar