Tembang
Macapat
Tembang
macapat kalebu salah siji wohing ripta sastra ing jaman Jawa modern. Ripta
sastra liyane kayata : geguritan, tembang dolanan, crita cerkak, crita sambung,
lsp. Miturut serat mardawa lagu, sekar macapat kuwi saka tembung macapat lagu,
yaiku wacan kang kaping papat. Mula kajaba saka kuwi ana maneh lelagon wacan
kang kapisan utawa kawitan. Lagu wacan kaping pindho lan wacan kaping telu,
kang diarani : maca sa-lagu, maca ro-lagu iku klebu ewoning sekar ageng. Maca
tri-lagu uga diarani sekar tengahan utawa sekar madya. Dene maca pat-lagu uga
diarani sekar alit utawa tembang cilik.
Ing
buku wacan “ mbombong manah jilid 1” dijlentrehake, sekar macapt yaiku anggone
nyekarake dipedhot papat-papat wanda (suku kata). Sanajan kaya mangkono
pamedhote kudu ngelingi marang tembung-tembunge aja nganti medhot tembunge kang
ndadekake makna tembunge dadi bubrah.
Tembang macapat kuwi
kawengku dening :
·
Guru lagu : tibaning swara a, i, u, e, o ing saben pungkasane
gatra (larik).
·
Guru wilangan : cacahe wanda (suku kata) ing saben sagatra utawa akehing
kecap (ucap) utawa suku tembung saben sagatra.
·
Guru gatra : cacahe gatra (larik) saben sapada (bait) utawa
aksara urip (vokal) ing pungkasaning gatra.
Dene jinising
tembang macapat ana 11 pupuh, kaya kasebut ing racikan Pocung sapada ing ngisor
iki.
1. Dhandhanggula
7. Mijil
2. Sinom
8.
Megatruh
3. Asmaradana
9.
Gambuh
4. Pangkur
10.
Pocung
5. Durma
11.
Maskumambang
6. Kinanthi

Dene yen kawawas
saka gunggunging gatra, jinising tembang macapat mau bisa kaurutake kaya ing
ngisor iki!
No.
|
Araning tembang
|
Guru gatra, Guru
wilangan, Guru lagu
|
|||||||||
I
|
II
|
III
|
IV
|
V
|
VI
|
VII
|
VIII
|
IX
|
X
|
||
1.
|
Dhandhanggula
|
10 i
|
10 a
|
8 e
|
7 a
|
9 i
|
7 a
|
6 u
|
8 a
|
12 i
|
7 a
|
2.
|
Sinom
|
8 a
|
8 i
|
8 a
|
8 i
|
7 i
|
8 u
|
7 a
|
8 i
|
12 a
|
-
|
3.
|
Asmaradana
|
8 i
|
8 a
|
8 e
|
8 a
|
7 a
|
8 u
|
8 a
|
-
|
-
|
-
|
4.
|
Pangkur
|
8 a
|
11i
|
8 u
|
7 a
|
12u
|
8 a
|
8 i
|
-
|
-
|
-
|
5.
|
Durma
|
12a
|
7 i
|
6 a
|
7 a
|
8 i
|
5 a
|
7 i
|
-
|
-
|
-
|
6.
|
Kinanthi
|
8 u
|
8 i
|
8 a
|
8 i
|
8 a
|
8 i
|
-
|
-
|
-
|
-
|
7.
|
Mijil
|
10 i
|
6 o
|
10 e
|
10 i
|
6 i
|
6 u
|
-
|
-
|
-
|
-
|
8.
|
Megatruh
|
12u
|
8 i
|
8 u
|
8 i
|
8 o
|
-
|
-
|
-
|
-
|
-
|
9.
|
Gambuh
|
7 u
|
10u
|
12 i
|
8 u
|
8 u
|
-
|
-
|
-
|
-
|
-
|
10.
|
Pocung
|
12u
|
6a
|
8 i
|
12 a
|
-
|
-
|
-
|
-
|
-
|
-
|
11.
|
Maskumambang
|
12i
|
6 a
|
8 i
|
8 a
|
-
|
-
|
-
|
-
|
-
|
-
|
Watak lan panggonane
tembang macapat.
No.
|
Tembang
|
Watak
|
Panggonan
|
1.
|
Dhandhanggula
|
Kewes,
luwes, lan resep
|
Luwes
|
2.
|
Sinom
|
Grapyak,
semanak, lan renyah
|
Pitutur
lan pituduh
|
3.
|
Asmaradana
|
Sedhih,
sengsem, lan prihatin
|
Nyuntak
rasa-pangrasa
|
4.
|
Pangkur
|
Sereng,
kejem, lan nantang
|
Deduka
|
5.
|
Durma
|
Galak,
nantang, lan muntab
|
Deduka
|
6.
|
Kinanthi
|
Trisna
lan asih
|
Pitutur
lan pituduh
|
7.
|
Mijil
|
Wetuning
rasa lan mituturi
|
Bukaning
crita/pangayubagya
|
8.
|
Megatruh
|
Sedhih
|
Luwes
|
9.
|
Gambuh
|
Kulina,
remaket
|
Sembranan
guyon
|
10.
|
Pocung
|
Kendho
tanpa greget
|
Medhar
rasa kaprihatinan
|
11.
|
Maskumambang
|
Nalangsa
|
.............
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar