WANGSALAN
Wangsalan
yaiku sabangsane cangkriman, ananging batangane utawa tebusane wis kasebut ing ukara
candhake, sanajan ora melok utawa cetha.
Wangsalan kuwi ana 6 warna, yaiku
:
1. Wangsalan padinan
Wangsalan
padinan yaiku wangsalan kang cekak-cekak wae, mung nyebutake perlune wae.
Tuladha :
· Kowe kuwi
mbok aja mbumbu rokok, kok ngawur wae. (uwur)
· Pancen
kowe kuwi nglambe pawon, lehmu juweh. (laweh)
· Cah cilik
senengane ngrokok cendhak, neges-neges wae. (tegesan)
2. Wangsalan lamba
Wangsalan
lamba yaiku wangsalan kang dumadi saukara dene cangkrimane siji lan batangan
kang sinama yang mung siji.
Tuladha :
· Welut warna, kawula naming saderma.
(ula)
· Balung geni, mbok manawa watake
manungsa. (mawa)
· Nggayung sumur, sajake
kok rada kemba. (timba)
· Roning mlinjo, sampun
sayah ayo ngaso. (so)
3. Wangsalan rangkep
Wangsalan
rangkep yaiku wangsalan kang dumadi saka rong ukara, dene cangkrimane ana loro
utawa luwih, semono uga batangane kang disamarake uga ana loro utawa luwih.
Tuladha :
·
Ancur
kaca,
peksi langking mangsa sawa. (rasa,
dhandhang)
·
Rasakena, yen
lagi nandhang deduka.
·
Nata dewa,
lumaraping diwangkara. (Bathara Endra, lingsir)
·
Tanpa
nendra, yen ana siring
nala.
·
Tiris
mudha, wahana sabdeng pandhita, (cengkir, nyata)
·
Nora mukir,
dhasar wus kepara nyata.
4. Wangsalan
edi peni
Wangsalan
edipeni iku mung ngutamakake endahing basa, supaya menawane dirungokake katon
ngresepake.
Tuladha :
·
Gambang
kawat, wulu cumbu madukara.
(siter, semar)
·
Kudu pinter,
kawula ngisi mardika.
·
Bantal dawa, parabe narpati Karna. ( guling, Prabu
Ngawangga )
·
Kudu eling, tindhak kang ora prayoga.
·
Gendhis seta, dhokter Jawa saupama. (gula pasir,
dhukun)
·
Siring nala, amrih rukun mring sasama.
5. Wangsalan memet
Wangsalan
memet yaiku wangsalan kang carane ngonceki batangane sarana nggoleki maksude
udha usuk (kaping pindho utawa luwih).
Tuladha :
·
Uler kambang, yen trima alon-alonan.
·
Uler kambang tegese lintah.
·
Wanda tah ing tembung lintah wancahan saka tembung
satitahe kang ateges alon-alon.
6. Wangsalan sinawung ing tembang
Pangkur
Jirak
pindha munggwing wana,
Sayeng
kaga werekta kang muroni,
Nyenyambi
kalaning nganggur,
Wastra
tumrap mustaka
Pangikete
wangsalan kang sekar pangkur,
Baon
sabin ing nawala,
Kinarya
lengen prida
![]() |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar