KODIKOLOGI NASKAH
1.
JUDUL NASKAH : Bab Aksara Jawi Lan Aksara Sanskrit
2.
NOMOR NASKAH : SMP-RP 302
3.
BAHAN NASKAH : Kertas
4.
TEMPAT PENYIMPANAN NASAKAH : Museum Radya Pustaka, Solo
5.
ASAL NASKAH : Museum Radya Pustaka, Solo
6.
KEADAAN NASKAH : Sedikit Rusak di Bagian Hal.1
& 2
7.
UKURAN NASKAH
a. Ukuran
Kertas :
20,6 cm x 16,3cm
b. Ukuran
Teks :
4 x 2,05 cm
8.
TEBAL NASKAH : 22 Halaman
9.
JUMLAH BARIS TIAP HALAMAN : -
10.
HURUF/AKSARA
a. Jenis
Tulisan :
Aksara Jawi dan Aksara Sanskrit
b. Ukuran
Tulisan :
Aksara Jawi Kecil (Small) dan Aksara Sanskrit Sedang (Medium)
c. Bentuk
Huruf :
Aksara Jawi Miring (Cursive) dan Aksara Sanskrit Tegak Lurus (Perpendicular)
d. Keadaan
Tulisan :
Jelas
e. Jarak
Antar Huruf :
Renggang
f. Warna
Tinta :
Hitam
11.
CARA PENULISAN
a. Penulisan
Naskah : Satu
Muka ( Tidak
bolak-balik)
b. Penampatannya
pada Lembaran : Sejajar
c. Penomoran
Halaman :
Penomoran Menggunakan Aksara Jawa
12.
BENTUK TEKS : Prosa (Serat) / Bab
Aksara Jawi Lan Aksara Sanskrit
13.
ILUMINASI DAN ILUSTRASI : -
14.
UMUR NASKAH :
-
15.
ISI NASKAH : Berisikan Tentang
Sistem Urutan Aksara Jawa Kuna dan Aksara Sanskrit
16.
CATATAN LAIN :
·
Penulis :
R. Ng. Karyarujita
·
Disusun dan Ditulis : Di Surakarta 1903
dan 1909
1
Punnika urut-uruttipun
pangkatting aksara jawi, kala ing kinna sami
kalampahhaken denning tiyang agami buwdha. Ingkang kasebut wonten
salebetting serat pustara jawewdha kathahhipun 12 warnni. Kados ingkang
kapratelakhaken ing ngandhap punnika namannipun satunggal tunggal.
1
Ingkang
rumiyin sastra wewata. Kacariyos panganggittipun kala ing kinna hangirib saking
warnninning aksara dewa nagari. Ajeng kalampahhaken awiting tahun surya
sangkala 141 utawi ing tahun condra sangkala 145 panyjenengngannipun nata sri
pa...maharaja suddha ing medhang kamulan wiwittan inggih punnika sang hyang
dhiri nata ingkang angejawantah dhateng .... kados ing ngandhap punnika
warnninnipun.
2
Sandhangngannipun
2
Igkang
kaping kalih sastra pratala. Kacariyos panganggittipun kala ing kinna kabuka saking wawangunnan bariking kapiti.
Awiyos inggih taksih angiri bwarnninnning aksara dewa nagari.ing kalampahhaken
awiting tahun surya sangkala 24..utawi ing tahun condra sangkala 252
panyjennengngannipun nata sri maharaja buddha kresna ing medhang kamulan malih.
Inggih punnika pangejawantahhipun sang hyang wisnu. Kados ing ngandhap punnika
warnnipun.
3
Ha na ca ra ka, da ta sa wa la, pa dha ja ya nya, ma
ga ba tha nga.
Sandhangngannipun
Ki ku ke ko kekar kang kah kra kyan.
3
Ingkang kaping tiga
sastra caran. Cariyos panganggittipun kala ing kinna kabuka saking wawangunnan
borakking sela. Awiyos inggih taksih angiri bwarnninning aksara dewa nagari.
Lajeng kalampahhaken awit ing tahun surya sangkala 318 utawi ing tahun condra
sangkala 327 panyjennengngannipun nata sri maharaja kanno ing medhang kamulan
malih. Inggih punnika pannitissipun sang hyang wisnu kados ing ngandhap punnika
warnninnipun.
Ha na ca ra ka, da ta sa wa la, pa dha ja ya nya, ma
ga ba tha nga.
4
Sandhangngannipun
Ki ku ke ko ke kar kah kang kra kyan.
4
Ingkang
kaping sakawan sastra kalpa. Kacariyos kala ing kinna kabuka saking wawangunnan
seratting kajeng. Awiyos inggih taksih angiri bwarnninnng aksara dewa nagari.
Lajeng kalampahhaken awiting tahun surya sangkala 497 utawi ing tahun condra
sangkala 592 panyjennengngannipun nata sri maharaja wisaka ing ing medhang
kamulan malih. Inggih punnika brahmana saking saking tannah hindustan kados ing
ngandhap punnika warnninnipun.
Ha na ca ra ka, da ta sa wa la, pa dha ja ya nya, ma
ga ba tha nga.
Ki ku ke ko ki ka kang kah kra kyan.
5
Ingkang
kaping gangsal sastra patra. Kacariyos panganggittipun kala ing kinna kabuka
saking wawangunnan rayinging gogodhongngan. Kacariyos inggih taksih angii
bwarnninning aksara dewa nagari. Lajeng kalampahhaken awit ing tahun surya
sangkala 512 utawi ing tahun condra sangkala 527 panyjennengngannipun nata
prabu basupati ing wiratha.. inggih punnika wayahhipun sang hyang wisnu.
Ananging sastra patra wau ingkang anglampahhaken amung sabawahhipun nagari
wiratha kemawon, mannawi bawahhing medhang kamulan utawi bawahhing giling
wesikala samanten taksih sami anglampahhaken sastra kalpa sadaya kados ing
ngandhap punnika warnninnipun.
Ha na ca ra ka, da ta sa wa la, pa dha ja ya nya, ma
ga ba tha nga.
Kang ku ke ko ke kar kah kra kyan kang.
6
Ingkang kaping nem sastra pala.
Kacariyos panganggittipun kala ing kinna kabuka saking wawangunnan citranning
woh langsep. Awiyos inggih taksih angiri bwarnnninning aksara dewa nagari. Lajeng kalampahhaken ing
tahun surya sangkala 624 utawi ing tahun condra sangkala 643
panyjennengngannipun nata prabu dwi pakesura ing ngastinna inggih punnika patih
parasara. Ananging sastra pala wu ingkang nglampahhaken amung sabawahhipun
nagari ngastinna kemawonmannawi bawahhing wiratha kala samanten taksih
anglampahhaken sastra patra sadaya. Kados ing ngandhap punnika warnninnipun.
Ha
na ca ra ka, da ta sa wa la, pa dha ja ya nya, ma ga ba tha nga.
Sandhangngannipun
7
Ki
ku ke ko ke kar kang kah kra kyan.
7
Ingkang kaping pitu
sastra gurita. Kacariyos pangnganggittipun kala ing kinna kabuka saking wawangunnan
pamerringtossan awiyos inggih taksih angiri bwarnninning aksara dewa nagari.
Lajeng kalampahhaken ing satannah jawi sadaya. Awit ing tahun surya sangkala
848 utawi ing tahun condra sangkala 874 panyjennengngannipun nata prabu
jayabaya ing mamennang kadhiri inggih punnika putrannipun prabu gendrayana
kados ing ngandhap punnika warnninnipun.
Ha
na ca ra ka, da ta sa wa la, pa dha ja ya nya, ma ga ba tha nga.
Ki
ku ke ko ke kar kang kah kra kyan kre.
8
Ingkang
kaping wolu sastra prawata. Kacariyos pangnganggittipun kala ing kinna kabuka
sangking wawangunnan lorahhing harddi. Awiyos mawi tutularras sastranning serat
saking ditya raja prawata saha taksih angiri bwarnninning aksara dewa nagari.
Lajeng kalampahhaken awit ing tahun surya sagkala 915 utawi ing tahun condra
sangkala 943 panyjennengngannipun nata prabu aji pamasa ing pengging. Inggih
punnika prabu kusuma wiwit putrannipun prabu jaya misenna ing kadhiri kados ing
ngandhap punnika warninnipun.
Ha na ca ra ka, da ta sa wa la, pa dha ja ya nya, ma
ga ba tha nga.
Ki ku ke ko ke kar kang kah kra kyan.
9
Ingkang
kaping sanga satra wyajana. Kacariyos panganggittipun kala ing kinna kabuka
saking wawangunnan rajah. Ing titiyang kapirit akaliyan gambar ulahhing
wadyanata kang ngapejah samapyah tutukarran sami rowag. Lajeng kalampahhaken
awit ing tahun surya sangkala 1000 utawi ing tahun condra sangkala 1030
panyjennengngannipun nata prabu widdhayaka ing medhang kamulan wekassan. Inggih
punnika tedhakkipun sri maharaja wisaka ing kinna kasebutna mahajisa kakaping
kalih kados ing ngandhap punnika warnninnipun.
Ha na ca ra ka, da ta sa wa la, pa dha ja ya nya, ma
ga ba tha nga.
Ki ku ke kar kah kra kyan ke ko.
10
Ingkang
kaping sadasa sastra wyajana wawangunnan ing janggala. Kacariyos
panganggittipun sang pahti gathayu. Lajeng kalampahhaken ing tahun surya
sangkala 1078 utawi ing tahun condra sangkala 1111 kados ing ngandhap punnika
warnninnipun.
Ha na ca ra ka, da ta sa wa la, pa dha ja ya nya, ma
ga ba tha nga.
Ki ku ke ko ke kar kang kah kra kyan.
11
Ingkang
kaping sawelas sastra wyajana wawangunnan ing pajajarran kacariyos
pangnganggittipun kaping kalih rambahhan ingkang sarambah anwiwittan sastra
wawangunnan kala panyjennengngannipun nata prabu banyjarran sari ing galuh
taksih angiri bwarnninning aksara rawangunnan ing janggala. Kalampahhaken a
11
Witing tahun surya sangkala 1155 utawi ing tahun
condra sangkala 1191 kados ing ngandhap punnika warnninnipun.
Ha na ca ra ka, da ta sa wa la, pa dha ja ya nya, ma
ga ba tha nga.
Ingkang
sarambahhan wekasan sastra wawangunan kala panyjennengngannipun nata prabu
mundhang sari ing pajajarran mendhet tutularran saking sastranning serat weddha
titilarrannipun bagawan dala puspa ing medhang kamulan. Lajeng kalampahhaken
awit ing tahun surya sangkala 1194 utawi ing tahun condra sangkala 1241 kados
ing ngandhap punnika warnninnipun.
12
Ha na ca ra ka, da ta sa wa la, pa dha ja ya nya, ma
ga ba tha nga.
Sandhangngannipun
12
Ingkang
kaping kalih welas sastra wyajana mangunan majapahit. Kacariyos pangnganggittipun
angiri bwarnnninning aksara wangun pajajarran ingkang wekassan. Lajeng
kalampahhaken wit ing tahun surya sangkala 1264
utawi ing tahun condra sangkala 1303 panyjennengngannipun nata prabu sri wijaya ingkang kapisan kados
ing ngandhap punnika warnninnipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar