Gurit
Pari
Dening
: Eman Suwarto
Banjur dak ungak mamburi
Sawise rampung pepaes mratak
Lan katon pasuryanmu kuning pari
Karo nungkulake awak mring pepadha
Pratandha jagad iki wis tuwa
Kagetku banget kepati
Geneya tipet tipet durakaku
Katon cetha wela-wela
Kamangka napas wis ketug mbun-mbunan
Apa bisa dingapura?
Kaya
Ngimpi
Dening
: Jaimin K
Rasane kaya ngimpi
Crita wingi kang keri
Ngrenggani lembar memori
Ilang sinapu wektu
Pindha kembang megar sakedhepan
Kasapu sampuring saminara
Samrebet ganda wangine
Tanpa tabet
Kabeh bali kudhi
Kaya ngimpi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar