Sabtu, 09 Januari 2016

Kawruh Sapala 1



Kawruh Sapala 1
(Saloka, Bebasan, Paribasan, Sanepa)

A.   Saloka
Saloka iku tetembungan kang ajeg panggonan lan panganggone, ngemu surasa pepindhan mungguhing uwonge.
Tuladha :
1.     Bathok bolu isi madu : wong asor/kawula cilik, nanging sugih kapinteran.
2.     Emprit abuntut bedhug : prakara sepele dadi ngambra-ambra.
3.     Gajah ngidhak rapah : wong kang nerak wewalere dhewe.
4.     Kebo kabotan sungu : wong kang anake akeh.
5.     Kebo mulih menyang kandhange : wong kang mulih saka elungan adoh.
6.     Kebo nusu gudel : wong tuwa njaluk wulang-wuruk marang kanoman.
7.     Sumur lumaku tinimba : wong kang kumudu-kudu dijaluki wewarah.
8.     Timun mungsuh duren : wong cilik memungsuhan lawan wong gedhe.
9.     Tumbu oleh tutup : wong kang mangun pasaduluran cocog banget.
10.                        Ula marani gebug : wong kang njarag marang bebaya.

B.   Bebasan
Bebasan iku tetembungan kang ajeg panggonan lan panganggone , ngemu surasa pepindhan mungguh kaananing wong.
Tuladha :
1.     Ancik-ancik pucuking eri : kaananing wong kang tansah kuwatir.
2.     Cebol nggayuh lintang : kaananing wong kang kedhuwuren panjangkane.
3.     Dikena iwake aja nganti butheg banyune : rampung prekarane tanpa gawe gendra marang sapadha-padha.
4.     Emban cindhe emban siladan : pangrengkuhe beda antarane siji lan sijine.
5.     Kebak luber kocak-kacik : kaananing wong kang sugih ilmu utawi ngelmu, nanging owah pikirane.
6.     Lambe satumung kari samerang : aweh pitutur bola-bali, nanging datan digugu.
7.     Lunyu ilate : omongane ora kena dipercaya.
8.     Madu balung tanpa isi : mrekarakake samubarang kang ora migunani.
9.     Nglungguhi klasa gumelar : kari nemu kepenake tanpa melu rekasane.
10.                        Nyolong pethek : mleset saka pambatange.

C.   Paribasan
Paribasan iku tetembungan kang ajeg panggonan lan panganggone, ateges entar, nanging ora ngemu surasa pepindhan.
Tuladha :
1.     Adigang, adigung, adiguna : ngendel-ngendelake kakuwatan, kaluhuran, lan kapinteran.
2.     Ana catur mungkur : ora dhemen ngerungokake rerasaning liyan kang ora prayoga.
3.     Blaba wuda : banget loma nganti awake dhewe prasasat kacingkrangan.
4.     Dahwen ati open : nacad, nanging duwe melik nduweki.
5.     Durung pecus keselak becus : durung pinter, nanging darbe pepenginan kang neka-neka.
6.     Gecul kumpul, bandhol ngrompol : wong ndugal racake kumpulane ya karo wong ndugal.
7.     Kuncung nganti gelung : wiwit isih bocah nganti tumekaning dewasa.
8.     Njajah desa milang kori : wis tekan ngendi-endi pasabane.
9.     Sepi ing pamrih rame ing gawe : nyambut gawe kanthi mempeng tanpa melik.
10.                        Ulat madhep ati karep : niyat lan kekarepane wis jumbuh tur wis suwe anggone ngrancang.

D.   Sanepa
Sanepa  iku tetembungan saemper pepindhan, ngemu suraos nyangetaken, ateges kosok balen karo tetembungane. Dadi sanepa iku ngemperake kaanan kanthi migunakake pepindhan dene panggonane ajeg ora diowahi, kadadeyan saka tembung watak sinambungan tembung aran kang ateges kaanan kang mbangetake.  
Tuladha :
1.     Akehe utange arang wulu kucing : tegese akeh banget.
2.     Ambune arum jamban : ambetipun banger bangett.
3.     Awake kuru semangka : awake lemu banget.
4.     Bobote abot kapuk : bobotipun entheng banget.
5.     Cahyane abang dluwang : cahyanipun pucet sanget.
6.     Dedege dhuwur kencur : dedege cendhek banget.
7.     Eseme pait madu : eseme manis banget.
8.     Kawruhe jero tapak meri : seserepane cethek banget.
9.     Pikirane landhep dhengkul : pikirane kethul banget.
10.                        Polahe anteng kitiran : polahe akeh banget, ora bisa meneng.
11.                        Sesrawunge renggang gula kumepyur pulut : srawung raket banget.
12.                        Tatune arang kranjang : tatune kerep banget.
13.                        Ulate bening leri : ulate buthek banget.
14.                        Wujude agal glepung : wujude lembut banget.
Katrangan : tetembungan kaya kang wus diterangake ing dhuwur dudu bebakalan apalan, nanging kena kanggo pancandan nalika nulis utawa wawan rembug nggunakake basa Jawa amrih sengseming basa. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar