Minggu, 10 Januari 2016

Unggah-ungguh Basa



Unggah-ungguh Basa

1.      Undha-usuking Basa Jawa (Gagrag Lawas)
a.       Basa Ngoko
1)     Ngoko Lugu
2)     Ngoko Andhap : a) Antya Basa
b) Basa Antya
            b.  basa Madya
                        1) Madya Ngoko
2) Madyantara
3) Madya Krama
c. Basa Krama
1) Ramantara
2) Mudha Krama
3) Wredha Krama
4) Krama Inggil
5) Krama Desa
d. Basa Kadhaton
e. Basa Kasar
2.    Undha-usuking Basa Jawa (Gagrag Anyar)
No.
Unda-usuking Basa Jawa
Tataran Tembung
Tataran Rimbag
Ng
Kr
Kr lg
Ng
Kr
Kr lg
1.
Ngoko
-
-
-
-
2.
Ngoko Alus
-
-
-
3.
Krama
-
-
-
-
4.
Krama Alus
-
-

Basa Ngoko Lugu yaiku wujuding basa kang tembung-tembunge ngoko kabeh, kalebu wuwuhane, dene pigunane utawa trep-trepe dianggo :
a.       Marang sapadha-padha kang wis kulina.
b.      Bocah karo bocah.
c.       Wong tuwa marang anak/kang luwih enom, lan
d.      Ngudarasa utawa yen pinuju mbatin.
Tuladha :
·         Esuk mau kowe apa ketemu Wisnu, Wan?
·         Kowe sesuk dolan omahku ya, Ris?
·         Aku karo adhiku seneng dolanan bal-balan.
·         Vid, ayo yen wayah sinau ndang mlebu kamar!
·         Apa kowe gelem dak ajak nonton wayang kulit, Wik?
·         Adhik tuku buku “ Pinter Basa Jawa ”  ana ing toko Gramedia.
Basa Ngoko Alus yaiku wujuding basa kang tembung-tembunge ngoko kacampuran basa krama alus, dene wuwuhane ajeg ngoko, pigunane utawa trep-trepane dianggo :
a.       Wong tuwa marang wong kang luwih enom nanging sing tuwa kalah pangkat (kalungguhane) utawa sing enom mau isih diajeni.
b.      Wong sing padha tuwane kang srawunge wis kulina.
c.       Adhi marang kakange sing wis kulina, lan
d.      Bojon priyai marang kakunge/sing kakung.
Tuladha :
·         Mbak Tata, aku nyuwun tulung gawekna cakepan tembang.
·         Dhik, wis yah mene kok durung tindhak dhines?
·         Aku wingi ngerti pakdhe lan budhe tindhak nitih mobil.
·         Ibu tindhak pasar mundhut klambi kanggo adhik.
·         Panjenengan kersa tindhak mrene ora, mas?
·         Budhe nimbali Iwan, didhawuhi matur marang Bapak bab arisan sepedha motor.
Krama yaiku wujuding basa kang pigunane utawa trep-trepane dianggo :
a.       Bocah marang wong tuwa utawa kang luwih diajeni.
b.      Wong sing lagi wae kenal.
c.       Wong tuwa marang wong enom kang isih ngajeni banget.




Tuladha :
·       Sampeyan mundhut menapa?
·       Nyuwun tulung sampeyan pendhetaken kalawarti punika.
·       Menapa sampeyan wau enjng sampun sarapan?
Krama inggil yaiku wujuding basa kang pigunane utawa trep-trepane dianggo :
a.       Bocah marang wong tuwa
b.      Wong enom marang sing luwih tuwa sing isih ngajeni.
c.       Siswa marang guru.

Tuladha :
·       Bapak menapa panjenengan pirsa dalemipun Pak Brata?
·       Simbah punika tindakipun sampun radi rendhet.
·       Menapa panjenengan sampun dhahar?



 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar