Mbok
Aku Nyuwita
Dening : Eko
Raharjo
Mbok, aku nyuwita,
Tumuju ing panggonan kang adoh saka
padesan,
Murih obahe jangkah,
Sebab urip kudu obah.
Mayuta-yuta pangestumu bakal dak gegem,
Bakal dak ugemi dadi jejimatku,
Nganti tumuju ancas lakuku.
Mbok aku budhal
Tumuju ing panggonan kang ora seneng
ngumbar gagasan,
Murih genahe etungan,
Sebab laku kudu kaetung.
Ing kana aku kudu nyuwita, marang wong
julig,
Sing kebak kawruhan lan kulina
ngecakake laku.
Maewu-ewu pengalaman bakal dak angsu,
Kanggo sangu nggonku ngedu atose
balung,
Lungide kadigdayan.
Mbok aku budhal
Ngunggahi palenggahan kang dadi rebutan
para dewan,
Murih ngedegne bangsa kang adil,
Adoh pakewuh cedhak karaharjan.
Mbok aku budhal,
Tumuju ing panggonan kang kebak
pangarep,
Murih njawab sakabehing misteri.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar