Pitutur
Dening
: A.S. Yasman
Anakku...
Sun kekudang bisoa nggayuh lintang.
Aja tumoleh,
Lamun durung bisa ngranggeh.
Tebahna dhadha, jembarna paseduluran,
Aja keladuk sesongaran,
Mundhak karoban mungsuh!
Eling...mungsuh siji rinasa kakehan,
Sedulur sewu, rinasa isih kurang.
Anakku...
Urip mono kadidene ziarah.
Aja dhemen sesorah,
Lamun isih ngugemi watak srakah.
Elinga!
Sepira dohe urip lan mati kuwi,
Mung sanyari.
Sawise kuwi...kabeh padha kertiwal.
Bandha donya, lunga
Drajad pangkat, minggat
Kadang kinasih, sedulur sinara wedi,
Memule pamrih, ngoncati.
Keri roh...sing arep nyawiji marang Gusti.
Mula piwelingku...
Aja gampang kebidhung ngoyak ibere sulung!
Lamun kebacut mlebu geni,
Mundhak...keduwung.
ada translate bahasa indonesianya tidak?, mau saya analisis unsur intrinsik nya. atau malah ada analisis unsur intrinsik nya?
BalasHapus