Sesorah
Sesorah
utawa pidhato iku wose medhar kandha ing sangarepe wong akeh kanthi ancas (tujuan)tinamtu. Ancasing sesorah bakal
nemtokake underan (topik) kang cocog.
Topiking pidhato ana kang gepok-senggol karo babagan ekonomi, sosial, seni
budhaya, olahraga, pendhidikan, kasarasan, tetanen, lan sapanunggalane.
Medharake sawenehing bab ing sangareping wong akeh (audience) kanthi ancas tinamtu asung : pakabaran, panjurung,
pangajak, panyaruwe, lan panglipur.
Pidhato minangka sawijining pakaryan kang ora saben wong bisa nindhaake.
Pakaryan iki mbutuhake ketrampilan micara. Arepa mung micara, nanging menawa
ora kerep digladi uga ora bisa. Ana ing pidhato mbutuhake kewanen kang gedhe.
Ngandharake sadhengah bab ing ngarepe wong liya kudu bisa mudhengake kang
ngrungokake. Dadi basa kang digunakake ora kudu nganggo basa rinenga lan malah
ndadekake pamireng bingung. Ananging luwih prayoga menawa nggunakake basa kang
gampang dimangerteni dening wong liya, ora usah basa kang ndakik-ndakik.
Ana bab-bab kang kudu digatekake nalika sadurunge
nindakake sesorah antarane :
1.
Nyiapake topik pidhato.
2.
Golek lan ngumpulake bahan kang jumbuh
karo ancase, jumbuh karo sing ngrungokake lan nggolek sumber kang selaras.
3.
Gawe ragangan pidhato, arupa pokok-pokok
pidhato sing bakal didakekake bahan utawa kang bakal didakekake
paragraf-paragraf ing naskah utawa paprince kang arep di omongake.
Tuladha sesorah :
- Poro pepunden sesepuh aji sepuh ingkang satuhu pono ing pamawas miwah lebdo ing pitutur
- Poro pinisepuh saha sesepuh ingkang hanggung hamastuti dumateng pepeoyaning kautaman ingkang pantes nampi pakurmatan
- Poro pangenban pangembating projo satrianing nagari ingkang minangka pandam-pandoming kawulo dasih.
- Nuwun inggih para brayat ageng barayo wiro wiyoto wiro tamtomo purno karyo labet projo ingkang sampun wenang nampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagyo mulyo.
- Kunjuk panjenenganipun poro alim para –para ulama, bopo haji saha ibu hajah poro santriwan santriwati ingkang rinten dalu tansah sumanding kitap suci wahyuning ilahi, pinangka panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuing budi.
- Poro sedyo werdo carono madyo tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagyo mulyo.
Sang yaning
para tamu ingkang tansah pinundi pundi, kawulo nuwun kanti linambaran
pepayungipun raos suko sukur dumateng Gusti, mugi rahayu wilujeng sagung ing
Dumadi. sak lebetipun wonten ing pahargyan agung prastowo punika.
(setelah mengucapakan puji syukur selanjutnya intinya teks pidato pasrah penganten kakung ada di bawah ini, lanjutkan untuk membacayanya)
Panjenanganipun Bp…(ingkang nampi) ingkang sepindah,wondene wigatosing sedyo sowan kulo wonten ngarso panjenengan ingkang angka pisan ngaturaken sewu pangapunten mbok bilih ingkang hamengku gati…(besan saking temanten kakung) boten sagen masrahaken putanipun calon temanten kakung kapekso namung saged mgatiraken salam taklim mugi katuro dumateng panjenengan sedoyo, ingkan lumantar kawula. mbok bilih anggenipun hangrakit sekar cempoko mulyo, hamiwoho suto mahargya siwi tetepo winengku ing suko basuki.
(setelah mengucapakan puji syukur selanjutnya intinya teks pidato pasrah penganten kakung ada di bawah ini, lanjutkan untuk membacayanya)
Panjenanganipun Bp…(ingkang nampi) ingkang sepindah,wondene wigatosing sedyo sowan kulo wonten ngarso panjenengan ingkang angka pisan ngaturaken sewu pangapunten mbok bilih ingkang hamengku gati…(besan saking temanten kakung) boten sagen masrahaken putanipun calon temanten kakung kapekso namung saged mgatiraken salam taklim mugi katuro dumateng panjenengan sedoyo, ingkan lumantar kawula. mbok bilih anggenipun hangrakit sekar cempoko mulyo, hamiwoho suto mahargya siwi tetepo winengku ing suko basuki.
Jangkep
kaping kalih, rehing
putra calon temanten kakung nuwun inggih panjenenganipun Bg…..(nama temanten
kakung), atmaja panjenenganipun Bp/ibu….ingkang pidalem ing….sampun
kelampahan ijab/daup kaliyan Rr….(nama temanten putri), atmojo
panjenenganipun Bp/ibu…(orang tua dari temanten putri), kala wau
dinten…Surya kaping….( tanggal, bulan dan tahun proses ijab qobul),
wanci tabuh ….mapan ing dalem….mriki, kanthi nirbaya nir wikara boten wonten
alangan satunggal punapa.
Mbok bilih
sampun titiwanci tumapaking gati, pramila calon temanten kakung kula
pasrahaken, mugi saged katindakaken dhaup panggihipun temanten, anut satataning
adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing padukuhan….(nama desa
prosesi acara tersebut)…kula sak pengombong tansah jumurung pamuji ing
karso, sinatran puji dongo mugi gusti tansah ngijabahi dumateng temanten
sarimbit, anggenipun amangun brayat engga, tansh manggih guyuo rukun, atut
runtut, ayem tentrem, rahayu ingkang tinuju, bagya mulya ingkang sinedyo.
Dene ingkang
wekasan,
sesampunipun paripurnaning pahargyan kula sarombongan pengombyong temanten
kakung, kaparengo nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kawula
sarombongan manggih wilujeng kalis ing rubedo nir ing sambikolo dumugi
dalemipun soang -soang.
Semanten ugi
mbok bilih kawula anggenipun minangka talanging basa wonten kekirangan dalasan
kaladuk anggen kawula matur, kirang subasita ingkang singlar ing reh tata
krami, kawula tansah nyuwun lunturing sih samodra pangaksami.
Akhirul
kalam, wabilahi taufik wal hidayah
Wassalamuaalaikum wr.wb.
Wassalamuaalaikum wr.wb.
Sekali lagi
ingat ini hanyalah sebuah contoh teks pidato pasrah penganten kakung.
Sedikit yang bisa saya sampaikan semoga bisa bermanfaaat dan semoga anda bisa
berlatih dan bisa anda kembangkan sesuai dengan adat istiadat yang berlaku di
daerah dimana anda tinggal masing-masing. Sukses selalu buat anda…Amien
Tidak ada komentar:
Posting Komentar