Sabtu, 09 Januari 2016

SEJATINE



SEJATINE
Dening : Prembayun Mijil Lestari

Dhuh Gusti . . .
Sejatine sewu rasa campur
Nalika eling laku uripku kang kepungkur
Kakehan mburu donya : rejeki uga bumi
Kakehan nyawang “kembang-kembang” kang gampang ilang
Kakehan polah tingkah kang marakake bubrah.
Aku kebak dosa
Dhuh Gusti . . .
Sejatine, saundhaking umur
Swaraning jiwa nyendhal raga
Sejatine, saundhaking umur
Sumebar pitutur-pitutur
Sejatine, aku lan sekabehing bakal dikubur
Dhuh Gusti . . .
Kula tansah ndedonga
Mugi kaparengan lubering eling
Mugi kaparingan  pepadhang njinggglang
Yaiku pepadhang sejati
Saking Gusti

Tidak ada komentar:

Posting Komentar