Kawruh
Sapala 3
(
Rura Basa lan Tembung Entar )
A. Tembung Rura
Basa
Tembung Rura
Basa uga ingaran tembung salah kaprah yaiku tembung kang sajane salah, nanging
wis dianggep lumrah utawa wis kaprah (umum) dianggo ana ing bebrayan agung
(masyarakat). Yen panggonane mau dibenerake malah dadi ora lumrah lan bisa uga
kurang komunikatif (antarane kang
micara karo kang kaajak micara ora nyambung).
Tuladha :
· Adang sega : adang beras supaya dadi sega.
· Kelan lodeh : nggodok janganan supaya dadi
sayur lodeh.
· Mbunteli tempe : mbunteli laron dhele digawe tempe.
· Ndhepiak
gethuk : ndheplok tela godhog
didadekake gethuk.
· Ndhudhuk sumur : ndhudhuk lemah digawe sumur.
· Negor gedhang : negor wit gedhang.
· Ngekum landha : ngekum arenge merang supaya dadi
landha.
· Ngenam kepang : ngenam iratan pring digawe kepang.
· Nggodhog
wedang : nggodhog banyu digawe wedang.
· Ngulek sambel : ngulek lombok, uyah, bawang digawe
sambel.
· Nunggu manuk : nunggu sawah supaya parine ora
dipangan manuk.
B. Tembung Entar
Tembung Entar
uga ingaran tembung silihan yaiku rerangkening tembung kang mengku karep ora
salugune kaya ing tembung mau, dene yen ditegesi apa anane (salugune)
kalamangsane ora gathuk/ora lumrah utawa malah ora duwe teges kang cetha lan
kepara geseh karo tetembungane.
Tuladha :
· Abang kupinge : nesu.
· Abot sanggane : rekasa.
· Amba jangkahe : akeh ikhtiyare.
· Adus keringet : gaweyane rekasa banget.
· Cepak rejekine : gampang olehe golek rejeki.
· Cilik atine : jerih.
· Cupet nalare : ora bisa mikir dawa.
· Dawa ususe : sabar.
· Dawa tangane : clemer, dhemen colong-jupuk.
· Entheng
tangane : dhemen natoni liyan
(plag-pleg).
· Gedhe tekade : ora gelem mundur.
· Gedhe atine : tatag.
· Gedhe endhase : gemedhe.
· Jembar
segarane : sugih pangapura.
· Jembar kubure : mlebu swarga.
· Kandel kupinge : ora nggugu pitutur.
· Kethul atine : ora duwe rasa melas marang
liyan.
· Kethul pikire : bodho.
· Landhep pikire : pinter.
· Lobok atine : sabar.
· Lurus lakune : jujur.
· Lunyu ilate : mencla-mencle, ora kena
dipercaya.
· Manis eseme : eseme ngresepake ati.
· Mata dhuwiten : petung banget bab dhuwit.
· Mbalang liring : nglirik.
· Mogel ilate : mangan sing sarwa enak.
· Ngangsu kawruh : meguru.
· Ngekep
dhengkul : nganggur.
· Ora ndalan : ora ngerti tata krama.
· Padhang pikire : seneng.
· Panas atine : nesu.
· Pingget atine : serik.
· Rai gedheg : ora duwe isin.
· Sumpeg atine : susah.
· Tipis lambene : seneng rerasan.
· Udan tangis : akeh sing lagi padha nangis.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar