Geguritan
Geguritan
yaiku iketaning basa kang memper syair, mula ana sing ngarani manawa geguritan
iku syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan asale saka tembung gurita,
tembung gurita owah-owahan saka tembung gerita. Tembung gerita linggane gita
tegese : tembang utawa syair.
Geguritan
sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, saiki mujudake wohing kasustran puisi
kang warna-warna wujuding dhapukane. Maca geguritan kuwi beda karo maca waca
liyane. Ana cara lan pathokane dhewe. Cara lan pathokan kuwi antarane : kedal,
cara pangucape lan gaya basa kang kudu premati. Iku kabeh perlu diwigatekake
supaya sing ngrungokake bisa nangkep kaendahan lan surasane geguritan kang
kowaca.
Geguritan
uga diarani puisi jawa modern. Pangracike mardika, yen puisi lawas tembunge
kaiket dening paugeran tartamtu kayat guru lagu, guru wilangan, guru gatra lan sapanuggalane
kaya tembang macapat. Puisi Jawa modheren mujudake ekspresi jiwane penyair sajroning nanggapi bab-bab kang dialami,
kahanan sakiwa tengene, panguneg-uneg, gegayuhan, wawasan, lan liya-liyane.
Geguritan akeh kapacak ing kalawarti basa Jawa, luwih ngrembaka tinimbang crita
cekak, uga luwih subur tinimbang tembang macapat.
Para
pujanggga kang nganggit geguritan Jawa antarane :
1. Suhindriyo : anggitane Bima Lukar, Wayah Srengenge
Mlethek
2. Krishna Miharja : anggitane Langit, Pasar, Kori, Nalika Tangi
3. Turiyo Ragilputra : anggitane Badhar, Aku Kangen,
Tembang Grimis, Donga Bocah Piatu, Tangise Anak-anak Zaman
4. Yan Tohari : anggitane Muksa, Wengi Putih, Dadi Sapu
Berang, Tekamu Prasasat Angin
5. R. Intan : anggitane Dayaning Sastra
6. Subagya Ilham Natadijaya : anggitane Gelenging Tekad
7. St. Lesmaniasita : anggitane Kowe Wis Lega
8. Mulyana Sudarma : anggitane Guguh Binangun
9. Rakhmadi : anggitane Panyendhu
10. Ani Sumarna : anggitane Sukareja
11. Muhammad Nursaid : anggitane Geguritan Abang Putih
12. A.S Yasman : anggitane Pitutur
13. Eko Raharjo : anggitane Mbok Aku Nyuwita
14. A.Y Untung : anggitane Angin
15. Eman Suwarto : anggitane Gurit Pari
16. Jaimin K : anggitane Kaya Ngimpi
Tuladha
geguritan.
Tekamu
Prasasat Angin
Dening : Yan Tohari
Kalamun
kaduga kita mamiling
Tetela
pucuk alang-alang iku sing asring sesambat
Ngrerintih,
tetangisan, ngaru-aru sauruting rumambate angin
Geneya
titimangsa lirwa mring sesanggeman
Coba delengen mring eseming
Kembang-kembang mawar
Ngebaki tamansari pojok kutha, pamer
ganda angambar
Melingake segerombolan kupu-kupu padha
andon tresna
Saiba ngujiwat yen ati katingset ing
tali asmara
Banjur
nganti kapan sakabehe kudu angrantu
Sapinggiring
alun-alun iki, sliramu nate nulis prasetya
Sapinggiring
sendang iki, sliramu nate ngengundang
Ewasemana,
tekamu nganti saiki prasasat angin
Tanpa
gatra, tanpa sabawa...
Kapethik saka Jagad Jawa
Tangise
Anak-anak Zaman
Turiya Ragilputra
Pirengna
bareng lakune angin, swara gadhuh ngebaki langit
Sawise
mataun-taun kali kasatan banyu
Lemah
bengkah kasatan embun, lan jingglang purnama
Kelangan
gumyak bocah gojegan
O,
ing kene wis maabad watu-watu gumlundhung sadawane wengin
Nggawa
geni kamurkan kasumat maut : paprangan!
Bumi
tinindhih wit-witan ambruk
Bleduge
sumawur ngurugi swarga
Suprandene
marang sapa kudu tetambuh
Atas
kepribaden sing ginadhe tangan mungsuh
Iki
zaman tangise anak-anak piatu
Jaman
runtuhe eluh kancintakan kum ibu
Kembang
luruh luntur lentrih
Penyair
bisu. Tangan kelu koncatan tasbih
Musna
regane muksa sukmane
Lan
guritan kepayahan
Ilang
wujud
Absurd!
Bosnia!
Bosnia!
Ing
endi papan kanggo ndhedhar rasa asih
Muji
Allah kanthi ati wening pangucap fasih
Sakliyane
paprangan! Pirengna ing kalbumu
Marang
sapa bayi-bayi bakal necep banyu susu
Marang
sapa bocah-bocah takon kubure ibu
Sadawane
dalan, o getih tumetes angganda wangi
Tilase
subur kanggo ndhedher tanduran mlathi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar