Purwakanthi
Purwa tegese wiwitan utawa dhisik utawa
awal, kanthi tegese gandheng utawa
rangkep. Dene purwakanthi yaiku tetembungan kang ngruntutake kang wis disebut
ing wiwitan utawa sedurunge. Purwakanthi tegese aksara, swara utawa tetembungan
sing padha ing sajroning ukara ing basa Indonesia diarani persamaan bunyi utawa
sajak.
Purwakanthi kaperang dadi
telu, yaiku :
1.
Purwakanthi guru swara
Yaiku
tetembungan kang ngruntutake swara kang wis disebut sedurunge utawa purwakanthi
sing padha swara ing pungkasane tembung.
Tuladha
:
·
Gemi, setiti, ngati-ati. (purwakanthi swara i)
·
Dirajang-rajang kaya brambang, diiris-iris kaya
buncis. (purwakanthi swara ang lan is)
·
Dakpuja-puja dadya wanita kang utama. (purwakanthi
swara a)
·
Wong jujur ing pitutur wekasane dadi luhur.
(purwakanthi swara ur)
·
Bocah bodho plonga-plongo kaya kebo, mangane suket
ijo. (purwakanthi swara o)
·
Sapa jujur, bakal makmur. ( purwakanthi swara ur)
·
Ora cepet, ora ngliwet. (purwakanthi swara et)
·
Tiwas sayah, ora paedah. (purwakanthi swara ah)
·
Ora ngedan, ora keduman. (purwakanthi swara an)
·
Aja dahwen, ati open. (purwakanthi swara en)
·
Aja dumeh menang, banjur tumindak sewenang-wenang.
(purwakanthi swara ang)
·
Ana awan, ana pangan. (purwakanthi swara an)
·
Ana dina, ana upa. (purwakanthi swara a)
·
Ati karep, bandha cupet. (purwakanthi swara et)
·
Bareng wis makmur, lali marang sedulur.
(Purwakanthi swara ur)
·
Becik ketitik ala ketara. (purwakanthi swara ik lan a)
·
Gelem obah, mesthi mamah. (purwakanthi swara ah)
·
Inggah inggih nanging ora kepanggih. (purwakanthi
swara h)
·
Iji-ijo godhonge kara, bareng bodho lagi rumangsa.
(purwakanthi swara o lan a)
·
Ireng-ireng kethok untune, bareng seneng kethok
guyune. (purwakanthi swara eng lan ne)
·
Kudu sregep sing sinau, sapa sing kepengen maju.
(purwakanthi swara u)
·
Thenguk-thenguk, nemu kethuk. (purwakanthi swara
uk)
·
Wong bungah sok nemu susah. (purwakanthi swara ah)
·
Welinging guru, wong iku kudu mituhu marang bapa
ibu, supaya slamet sing tinemu. (purwakanthi swara u)
2.
Purwakanthi guru sastra
Yaiku tetembungan kang ngruntutake
aksara/sastrane (Ind. Konsonan) utawa purwakanthi sing padha tulisane utawa
aksarane ing saben wiwitan wanda utawa tetembungane.
Tuladha :
·
Kekudangaku marang kowe kalakona mengku
kapinteran. (purwakanthi sastra k)
·
Bibit, bebet, bobot. (purwakanthi sastra b)
·
Kala kula kelas kalih, kalung kula kolang-kaling.
(purwakanthi sastra k,l)
·
Slaman, slumun, slamet. (purwakanthi sastra s,l)
·
Laler loro lare rolas. (purwakanthi sastra r,l)
·
Sing sapa salah seleh. (purwakanthi sastra s)
·
Makuta, makuti, makuten. (purwakanti sastra m)
·
Katula-tula katali. (purwakanthi sastra k)
·
Laras, lurus, laris, leres. (purwakanthi sastra
l,r,s)
·
Titi, titis, tatas, lan trengginas. (purwakanthi
sastra t)
·
Aja dhemen memada semeng dumadi.
·
Janji, jujur jajahaen mesthi makmur.
·
Pak Kerta tuku kertu dhuweke kertas, nunggang
kreta pating kertep liwat kreteg Kertosono.
·
Petruk patroli karo putrani loro putra putri.
·
Rusuh, rereh, ririh ing wewarah.
·
Sing apa goroh growah.
·
Sing weweh bakal wuwuh.
·
Tatag, teteg bakal tutug.
·
Tata, titi, tentrem.
·
Tatune methunthung mentheng-mentheng.
3.
Purwakanthi guru basa (purwakanthi lumaksita)
Purwakanthi basa yaiku tetembungan kang
ngruntutake basa utawa tembunge utawa purwakanthi sing padha kabeh
tetembungane.
Tuladha :
Begja-begjane wong lali luwih begja wong eling
lan waspada.
Purwakanthi basa uga diarani purwakanthi
lumaksita. Lumaksita tegese lumaku. Dadi diarani purwakanthi lumaksita jalaran
ukarane kayadene lumaku.
Tuladha :
·
Bayem arda, ardane ngrasuk busana.
·
Kolik priya, priyagung Anjani Putra.
·
Lela-lela linali saya kadriya, driyasmara marang
risang ratih, ratih ratune wong cakrakembang, kembang wijaya kusuma amrik mring
kula.
·
Raja putra, putra daleme Astina.
·
Pandhu suta, suta madyaning Pandhawa.
·
Witing tresna, tresnane mung sawetara.
·
Rujak dhondhong, rujake sisane kalong.
·
Asung bekti, bektine kawula marang Gusti.
·
Lungguh ndhingklik, dhingklike wong cilik-cilik.
·
Mangan ati, atine sing kelara-lara.
·
Nandhang lara, larane wong lara lapa.
·
Rujak degan, degane krambil ijo.
·
Remuk rempu, rempu dadi awu.
·
Saking tresna, tresnane mung samudana.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar