MACA
Maca minangka
pakaryan kang becik ditindhakake, amarga kanthi maca bisa ndadekake ngerti
samubarang. Maca kuwi gedhe paedhahe.
Kanthi maca awake dhewe bakal antuk kawruh-kawruh anyar kang migunani tumrap
panguripan. Menawa buubar maca, ora ana eleke menawa isine wacan mau
kocritakake marang wong liya, supaya kawruh ing buku kang diwaca mau uga
dimangerteni dening wong liya. Dadi ora mung dingerteni awake dhewe.Sabisa-bisa
ilmu kuwi kudu ditularake marang wong liya supaya ilmu mau dadi ilmu kang
mumpangati.
Jinise maca kuwi maneka warna, kayata : maca
cepet, maca banter, maca batin, lan maca endah. Kagiyatan maca kuwi umpamane :
maca pawarta, maca cerkak, maca geguritan, maca dongeng, maca tulisan Jawa,
maca paragraf deduktif lan induktif, lan maca pidhato.
A.
Jinis-jinising
maca
·
Maca
Cepet
Maca
cepet iku ateges ngerti isi wacan kanthi cepet. Para pinter gawe dudutan ukara
maca cepet tumrap siswa mangkene:
1.
Siswa
SD/SMP kudune 200 tembung saben menit.
2.
Siswa
SMA kudune 250 tembung saben menit.
3.
Mahasiswa
kudune 325 tembung saben menit.
Kanggo
ngetung bantere (cepete) anggone maca nganggo rumus ing ngisor iki!
![]() |
Tuladhane :
Saumpamane Wisnu maca 1600 tembung
sajroning 3 menit 20 dhetik, mula cepete anggone Wisnu maca mangkene :

200 dhetik
Cara-cara
kanggo maca cepet :
1.
Aja
mbolan-mbaleni tembung utawa ukara sing diwaca.
2.
Aja
kesuwen mandheg sangarepe ukara.
3.
Pandelenge
mripat ndhisiki tinimbang kedaling lambe.
4.
Tembung
sing angel umpamane basa mancal ditinggal ndhisik.
5.
Golekana
kuncine tembung ing sangisoring ukara.
·
Maca
Banter
Maca
banter yaiku maca kanthi kedaling lathi kang nuwuhake swara.
·
Maca
Batin
Maca
batin yaiku maca kanthi meneng, tutuke ora unak-unik, ora ana swarasanajan
alon, sing tumandhang mung jroning batin.
·
Maca
Endah
Maca
endah yaiku maca kanthi ngedalake lathi (swara) awewaton aturan kang gumathuk.
Maca endah kudu nggatekake lafal, jeda lan intonasine. Maca iku gunane kanggo ngetokake kaendahan kang diwaca
umpamane basa lan sastrane. Maca endah kayata maca Geguritan, lsp.
B. Kagiyatan Maca
·
Maca
pawarta
Pawarta
yaiku katrangan kang bisa menehi pengerten ngenani sawijining kahanan. Maca
pawarta kang paling prayoga yaiku maca kang isih aktual, tegese pawarta iki mau anyar lan isih dirembug dening
bebrayan agung. Maca pawarta iku ora kudu milih-milih pawarta kang aktual wae, nanging pawarta kang wis kepungkur uga
kena kanggo pengeling-eling. Pawarta iku ana kang asumber saka radhiyo, koran,
majalah, tv, apadene internet. Ing njero pawarta ngemot unsur 5 W + 1 H.
·
Maca
cerkak
Cerkak
yaiku cerita gancaran kang ngandhut
prastawa kang ora dawa lan ora akeh alur ceritane. Ing njerone cerkak ngemot
unsur-unsur intrinsik kang isine bab-bab :
1.
Paraga, yaiku sapa bae wong kang
kacaritakake. Ana paraga utama (protagonis),
paraga kapindho (antagonis), lan
paraga pambyantu (tritagonis).
2.
Araning papan, ana ngendi dumadinind carita kuwi.
3.
Wektu kadadeyane, kapan carita kuwi dumadi.
4.
Aluring carita, kepiye kedadeyane kuwi kacaritakake.
Alur carita ana kang lempeng (lurus)
tegese mentas iki banjur iki, mangkono terus nganti rampung. Ana uga kang
sawise iki bali maneh ngambali sadurunge, yaiku kang aran arus balik (flashback).
5.
Wekasaning carita (ending), yaiku apa kang dialami dening para
paraga sawise kacaritakake. Ana kang paraga utamane nemahi cilaka tumekaning
tiwas (tragedy ending), apa banjur
uripe leres-kepenak (happy ending).
6.
Amanat, yaiku piwulang luhur kang kinandhut
ing crita.
Carita
cerkak tumekaning saiki tansah ngrenggani kalawarti-kalawarti kang basa Jawa
apadene kang basa Indonesia. Ing Panjebar
Semangat, Jaya Baya, Jaya Lodhang, Pustaka Candra ripta sastra iku mesthi
ana ing saben babarane. Ing piwulng maca kita diharapake bisa ngapresiasi
carita cerkak kanthi nengenake maca kang endah lan necep isi surasane.
·
Maca
geguritan
Geguritan
yaiku iketaning basa kang memper syair, mula ana sing ngarani manawa geguritan
iku syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan asale saka tembung gurita,
tembung gurita owah-owahan saka tembung gerita. Tembung gerita linggane gita
tegese : tembang utawa syair. Geguritan sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan,
saiki mujudake wohing kasustran puisi kang warna-warna wujuding dhapukane. Maca
geguritan kuwi beda karo maca waca liyane. Ana cara lan pathokane dhewe. Cara
lan pathokan kuwi antarane : kedal, cara pangucape lan gaya basa kang kudu
premati. Iku kabeh perlu diwigatekake supaya sing ngrungokake bisa nangkep
kaendahan lan surasane geguritan kang kowaca.
Geguritan
uga diarani puisi jawa modern. Pangracike mardika, ora pinathuk guru wilangan,
guru lagu, guru gatra, lan sapanuggalane kaya tembang macapat. Geguritan akeh
kapacak ing kalawarti basa Jawa, luwih ngrembaka tinimbang crita cekak, uga
luwih subur tinimbang tembang macapat.
·
Maca
dongeng
Dongeng
minangka carita kang lair karana turun-temurun saka simbah-simbahe biyen.
Dongeng iku werna-werna jinise, kang saben jinis duwe karep dhewe-dhewe. Kayata
fabael, sage, mite, lan legenda.
1.
Fabel : dongeng kang paragane kewan kang
bisa caturan (omong-omongan)
2.
Sage : dongeng bab kepahlawanan.
3.
Mite : dongeng kang isine alaming
lelembut.
4.
Legenda : dongeng bab dumadine sawijining papan
utawa panggonan.
·
Maca
tulisan Jawa
Bangsa
Jawa sejatine mujudake bangsa kang luhur budayane. Kabukten bangsa Jawa iya
duwe tulisan Jawa, kayadene bangsa Arab, India, China lan sapanungggalane.
Bedane bangsa Arab lan bangsa China gelem ngleluri mring budhayane dhewe.
Kepiye yen wong Jawa? Kepiye tulisane Jawa? Uga ora mokal menawa ing tembe
tulisan Jawa bakal sirna, jalaran ora antuk kawigaten para mudha. Mula ayo
padha dibuktekake menawa tulisan Jawa sejatine ora kalah karo tulisan bangsa
liya.
·
Maca
paragraf Deduktif lan Induktif
Paragraf
deduktif yaiku paragraf kang ukara bakune manggon ing wiwitane paragraf. Dene
liyane awujud andharan utawa ukara penerang. Dene paragraf induktif yaiku paragraf kang ukara bakune manggon ing
buri dhewe minangka dudutane. Menawa kagambar kaya mangkene.
Paragraf
Deduktif
![]() |

Paragraf
Induktif
![]() |
·
Maca pidhato
Sesorah
utawa pidhato iku wose medhar kandha ing sangarepe wong akeh kanthi ancas (tujuan)tinamtu. Ancasing sesorah bakal
nemtokake underan (topik) kang cocog.
Topiking pidhato ana kang gepok-senggol karo babagan ekonomi, sosial, seni
budhaya, olahraga, pendhidikan, kasarasan, tetanen, lan sapanunggalane.
Medharake sawenehing bab ing sangareping wong akeh (audience) kanthi ancas tinamtu asung : pakabaran, panjurung,
pangajak, panyaruwe, lan panglipur.
Pidhato
minangka sawijining pakaryan kang ora saben wong bisa nindhaake. Pakaryan iki
mbutuhake ketrampilan micara. Arepa mung micara, nanging menawa ora kerep
digladi uga ora bisa. Ana ing pidhato mbutuhake kewanen kang gedhe. Ngandharake
sadhengah bab ing ngarepe wong liya kudu bisa mudhengake kang ngrungokake. Dadi
basa kang digunakake ora kudu nganggo basa rinenga lan malah ndadekake pamireng
bingung. Ananging luwih prayoga menawa nggunakake basa kang gampang
dimangerteni dening wong liya, ora usah basa kang ndakik-ndakik.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar